Wangsalan yaiku rumpakan
sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wis dikandhakake pisan.
1. Wangsalan Sajroning
Pacelathon
a. Njanur gunung,
kadingaren dolan mrene. (janur gunung : aren)
b.
Ngrokok cendhak,
bocah cilik ora kena neges-neges. (rokok cendhak : tegesan)
c. Njenang gula
lho, aja lali. (jenang gula : glali)
d.
Nggodhog garing,
esuk-esuk kok wis nglaras. (godhong garing : klaras)
e. Ballung klapa,
ethok-ethok ora ngerti. (balung klapa : bathok)
f. Balung geni,
,mbok menawa ora bisa teka. (balung geni : mawa)
g. Balung janur,
mugi paring usada? (balung janur : sada)
h.
Balung pakel,
aja seneng alok-alok! (balung pakel : pelok)
i. Balung jagung,
punika sampun dados tanggel jawab kula. (balung jagung :janggel)
j. Nyaron bumbung,
nganti cengklungan olehku ngenteni. (saron bumbung : angklung)
k.
Jangan gori,
nganti judheg anggonku mikir. (jangan gori : gudheg)
l. Kendhil dawa,
enggal ditandangi. (kendhing dawa : dandang)
m.
Mutra bebek,
kawit mau mung wira-wiri wae. (putra bebek : meri)
n.
Mrica kecut, yen
mung muni pancen gampang. (mrica kecut : wuni)
o.
Sarung jagung,
abot entheng tak lakonane. (sarung jagung : klobot)
p.
Bocah kok mentil
kacang, tansah mbesengut bae. (pentil kacang : besengut)
q.
Sekar aren,
sampun dangu-dangu. (sekar aren : dangu)
r. Reca kayu,
goleka kawruh rahayu. (reca kayu : golekan)
s. Roning mlinjo,
sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo : so)
t. Wohing tanjung, becik
njunjung bapak biyung. (woh tanjung : kecik)
u.
Kapi jarwa, dak
pethek mangsa wurunga. (kapi jarwa : kethek)
v.
Kukus gantung,
dak sawang kok sajake bingung. (kukus gantung : sawang)
w.
Kembang jambu,
kemaruk duwe sepedha anyar. (kembang jambu : karuk)
2. Wangsalan Edi Peni
a.
Anurkaca, kocak
munggwing netra
Wong wruh rasa, tan mama king tata krama
(ancar kaca :rasa, kocak munggwing netra : tesmak)
Wong wruh rasa, tan mama king tata krama
(ancar kaca :rasa, kocak munggwing netra : tesmak)
b.
Carang wreksa,
wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang wong urip ing alam donya
(carang wreksa : pang)
(wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
Ora gampang wong urip ing alam donya
(carang wreksa : pang)
(wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
c.
Kolik priya,
wanara Anjani putra
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan
(kolik priya : tuhu, wanara Anjani putra : anoman)
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan
(kolik priya : tuhu, wanara Anjani putra : anoman)
d.
Yaksa dewa, dewa
dewi lir danawa.
kala mudha, bangkit ambekas durmaga.
(yeksa dewa : Bethara kala)
(dewa dewi lir danawa : Bethari Durga)
kala mudha, bangkit ambekas durmaga.
(yeksa dewa : Bethara kala)
(dewa dewi lir danawa : Bethari Durga)
e.
Roning kamal,
Putrane pndhita durna
Mumpung enom, ngudiya laku utama
(ron kamal : sinom, Putrane Pandhita Durna : Aswatama)
Mumpung enom, ngudiya laku utama
(ron kamal : sinom, Putrane Pandhita Durna : Aswatama)
f.
Witing kalapa,
jawatan ing ngaracapada.
Salugune, wong sinau aja sembrana
(wit kalapa : glugu, jawata ing nngaracapada : wong)
Salugune, wong sinau aja sembrana
(wit kalapa : glugu, jawata ing nngaracapada : wong)
3. Wangsalan Wujud Tembang
Pangkur
Singgang gung kang piniyara
mardi siswa kakawinireng estri,
wineh winulangaken wadu,
peputhut mong pregiwa,
kang sumewa pasewekaning kalangun,
pangrantamireng pradangga,
sesendhonan genti-genti,
mardi siswa kakawinireng estri,
wineh winulangaken wadu,
peputhut mong pregiwa,
kang sumewa pasewekaning kalangun,
pangrantamireng pradangga,
sesendhonan genti-genti,
- singgang gung kang piniyara : winih
- mardi siswa : mulang
- kakawinireng estri : wada
- peputhut mong pregiwa : janaloka
- pangrantamireng pradangga : sendhon
Kinanthi
Kinanthi linggir pitutur,
kentang rambat menyan putih,
awasna dipun pratela,
noleha wiranging wuri,
cecangkok wohing kalapa,
kang dadi pathoking uri,
kentang rambat menyan putih,
awasna dipun pratela,
noleha wiranging wuri,
cecangkok wohing kalapa,
kang dadi pathoking uri,
- kenthang rambat : telo
- menyan putih : wlirang
- cecongkak wohing kalapa : bathok
Tidak ada komentar:
Posting Komentar