Senin, 08 Desember 2014

PANDHAWA LAN KARAKTERE



PANDHAWA LIMA



Pandawa yaiku saking tembung basa sansekerta Pāṇḍava ingkang nggadhahi makna putra Pandu yaiku salah satunggaling Raja Hastinapura wonten ing wiracarita Mahabharata. Wonten wiracarita Mahabharata, para Pandawa nggadhahi watak protagonis lan ingkang antagonis menika para Korawa, yaiku putra Dretarastra, kangmas saka Pandu (bapak para Pandawa). Miturut susastra Hindu (Mahabharata), saben anggota Pandawa yaiku jelmaan (penitisan) saking Dewa tartamtu, lan saben anggota Pandawa nggadhahi nama sanes.

Kelima Pandawa rabi kaliyan Dropadi ingkang dados rebutan wonten sayembara ing Kerajaan Panchala, lan saking saben anggota Pandawa nggadhahi putera saka Dropadi.

Miturut tradisi Hindu, kelima putra Pandu kasebut menika titisanipun mboten langsung saking saben-saben Dewa. Perkara menika diterangake kados mekaten :


Menika karakter-karakter saka saben-saben Pandawa :

1.     YUDISTIRA




Yudistira nalika cilik nggadhahi jeneng Puntadewa. Yudhistira menika ingkang paling tua saka anggota Pandawa. Yaiku putra Pandu kaliyan Dewi Kunti, lan jelmaan saka Dewa Yama. Yudistira mimpin wonten Kerajaan Amarta. Nggadhahi julukan Dhramasuta (putera Dharma), Ajathasatru (ingkang mboten nggadhahi mungsuh), lan Bhārata (keturunan Maharaja Bharata).

Karakter :   bijaksana, mboten nggadahi mungsuh, mbuten nate dusta ing sasuwene urip, nggadhahi moral dhuwur, remen aweh ngapura lan ngampuni mungsuh ingkang sampun ngakoni kalah. Sifat sanesipun kados adil, jujur, sabar, taat marang agama, wani, lan percaya diri.



2.      BIMA


Bima menika putra kaping kalih saking Pandu lan Dewi Kunti, sadulur kaping kalih para pandawa ingkang nggadhahi jeneng cilik Sena. Bima yaiku jelmaan saka Dewa Bayu saengga asring disebat Bayusutha. Bima uga dijuluki Werkodara amargi kasenengane nedha, lan pinter ngginakaken senjata gadanipun ingkang disebat Rujakpala. Bima nggadhahi pasuryan paling sangar saka Pandawa liyane, pawakan dhuwur, lengen gedhe, lan kuat banget, nanging Bima nggadhahi sifat apikan. Wonten pewayangan Bima nggadhahi putera yaiku Gatotkaca, Antareja, lan Antasena.

Karakter :  Bima nggadhahi sifat lan perwatakan gagah, wani, teguh, kuat, tabah, patuh, jujur. setia marang satunggaling sikap, mboten remen basa-basi, lan mboten nate ngloro, Bima nggadhahi sifat kasar lan sangar nanging uga nggadhahi ati kang lembut.



3.     ARJUNA

  

Arjuna menawi taksih bocah nggadhahi nama Permadi. Yaiku putra bungsu Dewi Kunti kaliyan Pandu, inggih menika jelmaan saking Dewa Indra yaiku Dewa Perang. Arjuna menika ksatriya ingkang cerdik, remen anggone lelunga (berkelana), remen anggenipun tapa, remen berguru goek ilmu saengga Arjuna anggadhahi kemahiran nalika manah saengga dipunanggap ksatriya paling sae dhateng Drona. Arjuna menika pemimpin kerajaan wonten ing Madukara, lan ugi dipunmangertosi kaliyan nama Janaka. Arjuna nggadhahi nama krabat kaliyan para masyarakat sekitar, kadosta Dhananjaya (perebut kekayaan – amargi Arjuna sampun karena ia berhasil mengumpulkan upeti saat upacara Rajasuya yang diselenggarakan Yudistira); Kirti (yang bermahkota indah – karena ia diberi mahkota indah oleh Dewa Indra saat berada di surga); Partha (putera Kunti – karena ia merupakan putra Perta alias Kunti).

Karakter : Arjuna menika ksatriya ingkang cerdik pintar, menengan, nggadhahi budi ingkang lemah lembut, teliti, sopan-santun, wane lan remen nglindungi ingkang lemah.



4.      NAKULA




      Nakula menika salah satunggaling putra kembar wonten ing Pandhawa yaiku putra saking Madrim lan Pandu, ingkang nggadhahi nama nalika alit yaiku Pinten. Nakula menika jelmaan saking Dewa Kembar yaiku Aswin minangka Dewa Pengobatan. Nakula yaiku ksatriya ingkang pinter nglakokake pedhang. Nakula menika ksatriya ingkang paling gagah wonten ing alam dunya lan ugi ksatriya berpedang ingkang tangguh.
Karakter :   nggadhahi watak ingkang jujur, setia, taat marang wong tuwa, lan mangertos balas budhi saengga saged njaga rahasia..

5.     SADEWA



        Sadewa nggadhahi nalika taksih alit yaiku Tangsen. Sadewa menika salah satunggaling putera kembar pasangan Dewi Madrim kaliyan Pandu, lan inggih jelmaan saking Dewa Kembar yaiku Dewa Aswin yaiku Dewa Pengobatan. Sadewa menika ksatriya ingkang rajin lan bijaksana. Sadewa uga ahli wonten bidang Astronomi.

Karakter :  memiliki watak ingkang jujur, setia, taat marang tiyang sepuh, lan mangertos balas budi saengga saged njaga rahasia.



    Pandawa lima yaiku : Yudistira, Bima, Arjuna Nakula, dan Sadewa. Nggadhahi sadulur yaiku Duryodana lan 99 adhikipun ingkang dipunkenal sebutan Korawa, ingkang menika kuwi putra saking Destraratra kangmasipun Pandu, yaiku bapak Pandhawa, Pandhawa lan korawa inggih manggen wonten ing satunggaling kerajaan yaiku Hastinapura. Korawa wonten mriki nggadhahi watak jahat ingkang nggadhahi ambisi kangge nguwasani dinasti kuru, mangka Korawa lajeng ngupayakake kangge nyingkirake para Pandhawa.

    Pertempuran gedhe wonten ing Kurukshetra (utawi dipunkenal kalih istilah Bharatayudha wonten ing Indonesia) menika pertempuran sengit ingkang berlangsung ngantos wolulas dinten. Pihak saking Pandhawa utawi Korawa sami-sami nggadhahi ksatriya-ksatriya ageng lan angkatan perang ingakng kuat. Pasukan saking kekalihipun meh gugur sedaya, nanging kemenangan wonten ing pihak Pandhawa amarga saged bartahan kanggo urip nalika pertempuran menika. Sedaya anggota Korawa gugur kajaba yuyutsu, satunggaling Korawa ingkang wonten ing pihak nalika saderengipun pertempuran dipunwiwiti




Tidak ada komentar:

Posting Komentar