Purwakanthi yaiku gandhenge
swara sing buri karo swara sing wis kasebut ing ngarepe.
A. Purwakanthi Guru Swara
1.
Aja dumeh
menang, banjur tumindak sawenang-wenang.
2.
Ana awan, ana
pangan.
3.
Ana dina, ana
rupa.
4.
Ati karep,
bandha cupet.
5.
Bareng wis makmur,
lali marang sedulur.
6.
Becik ketitik,
ala ketara.
7.
Gelem obah,
mesthi mamah.
8.
Inggah inggih
nanging ora kepanggih.
9.
Ijo-ijo godhonge
kara, bareng bodho lagi rumangsa.
10. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune.
11. Kudu sregep
sing sinau, sapa sing kepingin maju.
12. Ora cepet, ora ngliwet.
13. Ora ngedan, ora keduman.
14. Thenguk-thenguk, nemu kethuk.
15. Tiwas sayah, ora paedah.
16. Wong bungah sok nemu susah.
17. Weinging guru wong iku kudu mituhu marang bapak ibu,
supaya slamet sing tinemu.
18. An bungah, ana susah iku wis lumrah.
19. Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane.
20. Witing tresna, jalaran saka kulina.
B. Purwakanthi Guru Sastra.
1.
Bobot, bibit,
bebet
2.
Aja demen memada
sameng dumadi.
3.
Katula-tula
katali.
4.
Janji jujur
jajahane mesthi makmur.
5.
Laras, lurus,
leres, laris.
6.
Kala kula kelas
kalih, kalung kula kolang kaling.
7.
Tata titi tutug
tatag, tanggung tertib.
8.
Aja demen
memada, dhateng sapadhaning dumadi.
9.
Taberi nastiti
lan ngati-ati, mesthi bakal dadi.
10. Wong jejodhohan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot,
bebet.
11. Petruk patroli karo putrani loro putra putrid.
12. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah.
13. Sing sapa salah bakal seleh.
14. Sing sapa goroh growah.
15. Sluman, slumun, slamet.
16. Tatag, teteg bakal tutug.
17. Tata, titi, tentrem.
18. Tatune methunthung mentheng-mentheng.
19. Sing weweh bakal wuwuh.
20. Makuta, makuti, makuten.
C. Purwakanthi Lumaksita
1.
Asung bekti,
buktine kawula marang Gusti.
2.
Bayem arda,
ardane ngrasuk busana.
3.
Lungguh
dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.
4.
Mangan ati,
atine sing kelara-lara.
5.
Nandhang lara,
larane wong lara lapa.
6.
Pandhu suta,
suta madyaning pandhawa.
7.
Raja putra,
putra dalemem Ngastina.
8.
Rujak degan,
degane krambil ijo.
9.
Remuk rempu,
rempu dadi awu.
10. Saking tresna, tresnane mung samudana.
11. Rujak dhondhong, rujake sisaning kalong.
12. Witing tresna, tresnane mung sawetara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar