Jumat, 05 Desember 2014

Morfologi



KOMPOSISI, MODIFIKASI, PEMENDEKAN

A. KOMPOSISI
Komposisi iku proses gabungan morfem dasar kalih morfem dasar ingkang bebas utawi terikat, saengga awujud konstruksi ingkang nggadahi identitas leksikal benten utawi  enggal.
Wonten basa jawa komposisi dipun bentenaken dados kalih:
Komposisi sempurna yaiku komposisi utawi persenyawaan ingkng unsur-unsuripun awujud tembung.
Tuladha :
a. Wong tuwa ‘bapak-ibu, guru’
b. Semar mendem ‘panganan saka
c. Nagasari ‘panganan saka tepung beras’
d. Gantung siwur ‘urutane keturunan tiyang jawa’
e. Balung kuwuk ‘panganan saka tela’ 

Komposisi  tidak sempurna yaiku komposisi utawi persenyawaan ingkang salah satungalipun utawi sedaya unsur namung sebagian tembung.
Tuladha :
a. Idu+abang               : Dubang ‘iduhe wong mangan sirih / nginang’
b. Balung+kulit           : lunglit ‘wong kuru banget’
c. Dhemen+anyar        : Dhemenyar ‘dhemene nek taksih anyar’
d. Bapak+cilik             : paklik ‘paman, adhine bapak/ibu’
e. Bapak+gedhe          : pakdhe ‘ kakange bapak/ibu’ 

B. MODIFIKASI
Modifikasi dibentenaken dados kalih yaiku:

A. Modifikasi kosong/koversi/transposisi/derivasi zero, yaiku proses morfologis saking
morfem dados morfem sanes tanpa ngowahi unsur segmental.
Tuladha :
Bapak tuku pacul ‘ bapak membeli pacul’ 

B. Modifikasi Internal yaiku proses morfologis ingkang nambahi utawi ngowahi salah satunggalipun fonem.
Tuladha :
1. Abang
         : Abing/uabang ‘sangat merah’
2. Abot
            : Abut ‘sangat berat’
3. Akeh
           : Akih ‘sangat banyak’
4. Ijo
                :Iju ‘sangat hijau’

C. PEMENDEKAN
Pemendekan yaiku proses morfologis kanthi cara ngilangaken utawi nyekakaken bageyan-bageyan morfem utawi nggabungaken saengga dados bentuk singkatan, ananging maknane padha karo wujud wutuhe.

Pemendekan dibagi dados 4, yaiku :
1. Singkatan, yaiku huruf utawi kumpulan huruf minangka bentuk pendek saking tembung.
Tuladha :
a. UGM            = Universitas Gajah Mada
b. SD                = Sekolah Dasar
c. RA                =Raden Ajeng
d. SMA           = Sekolah Menengah Atas
e. SMP             = Sekolah Menengah Pertama 

2. Akronim, yaiku kapendekan ingkang awujud gabungan huruf utawi suku kata utawi bageyan liya sing ditulis lan dilafalake dados tembung sing lumrah.

Tuladha :
a. Puskesmas    = Pusat kesehatan Masyarakat
b. Posyandu    = Pusat pelayanan terpadu
c. Sinetron       = Sinema elektronik
d. Kades          = Kepala desa
e. Pelita           = Pembangunan lima tahun 

3. Kontraksi, yaiku pemendekan tembung, suku kata utawi gabungan kata kanthi cara ngilangaken huruf sing nglambangake fon ning jero tembung.
Tuladha :
a. Ra ruh          = Ora weruh 

4. Aferesis, yaiku bahasa ingkang ngilangake huruf awal utawi suku awal tembung.
Tuladha :
a. Jeng           = Ajeng ‘akan’
b. Teng         = Dhateng ‘ke’
c. Neng         = Ana ing ‘di’
d. King         = Saking ‘dari’

Tidak ada komentar:

Posting Komentar