Kamis, 04 Desember 2014

Imane Wis Kebanjiran



Imam Khotib Utomo
Imane Wis Kebanjiran
Manungsa sing padha sesingkuran

Saiki kembang melathi wis padha mati

Durung ana sing bisa nerusake

Jiwa kang suci

Janji suci marang gusti

          Donya iki padha goyang

Manungsa padha andum katresnan

Katresnan kang karam

Agama mung digawe sandhangan

Penyakit wis padha sumebar

Penyakit sing katon

Uga penyakit sing ora bisa dinalar

Sing karam malah kok pangan

Sing dilarang malah kok langgar

          Thithik banget kang mangerteni

Anugrah gusti kang Maha Suci

Aja nganti nglarakake ati

Ati uga bisa mati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar