Kamis, 11 Desember 2014

PARIKAN



Parikan ana 2 warna :
a. Paikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
b. Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)

Tuladha :
1.       Wedang bubuk, gula jawa
- Yen kepethuk, ati lega.

2.       Abang-abang gendera Landa, ana sing ijo kok milih putih
- Bujang maneh ora ngluyura, sing wis duwe bojo ora tau mulih.

3.       Ana brambang sasen lima
- Berjuang labuh Negara.

4.       Sepet-sepet, sawone mentah
- Diempet-empet selak ra betah.

5.       Bisa ngendhang ora bisa nyuling
- Bisa nyawang, ora wani nyandhing.

6.       Bibi Surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti
- Uwong urip pancen abot, mula becik ngati-ati.

7.       Wajik klethik, gula abang
- Aja suthik yen tumandhang.

8.       Godhong kecipir, mrambat kawat
- Najan gak mampir, nanging liwat.

9.       Jambu apa jeruk
- Aku melu apa entuk.

10.   Jemek-jemek gula jawa
- Aja sok ngenyek karo kanca.

11.   Kebang jagung, dipethik cina
- Barang wis kadhung dikapakna.

12.   Manuk emprit, menclok godhong tebu
- Dadi murid, sing sregep sinau.

13.   Kutha Kendal kali wungu ngganter
- Ajar kenal karo aku.

14.   Manuk kutut, manggunge nganter
- Yen ra manut, bisa keblinger.

15.   Yen kembang-kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra
- Sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa.

16.   Yem kembang-kembange lamtara, dudu kembang wora-wari
- Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati-ati.

17.   Esuk nyuling sore nyuling, sullinge arek Surabaya
- Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa.

18.   Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantra numpak sekuter
-Kapan-kapan aku kesurupan, duwe kanca sinaune pinter.

19.   Esuk nembang sore nembang, tembangane bareng cloudi
-Esuk ngadhang sore nantang, sing diadhang ora teka-teka.

20.   Nembang mlathi, warna peni ngganda wangi
- Watak putrid, kudu setiti angati-ati.

21.   Korek gambar klenthing
- kula ndherek wonten wingking.

22.   Wedang jeruk tanpa gula
- Aja sok umuk tanpa guna.

23.   Wajik klethik gula jawa
- Luwih becik sing prasaja.

24.   Tawon madu ngisep sekar
- Dadi guru kudu sabar

25.   Semarang kaline banjir
- Aja sumelang ora dipikir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar