Wengi
sansaya atis
nalika
aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang
digawa dening angin
prasasat
tan kendhat
anggonku
kulak warta adol prungu
ananging
isih mamring
aku
wis pingin cecaketan
obormu
kang makantar-kantar
madhangi
jangkah lan jagatku
ana
ngendi papanmu
lelana
tapa brata
tanpa
pawarta tanpa swara
aku
kadya ron garing
kumleyang
kabur kanginan
ing
jagat peteng lelimengan
krasa
luwih abot
anggonku
ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku
ora mantep
kagubet
ribet lan ruwet
adoh
saka cahyamu
pedhut
ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku,
sihku, oborku
kancanana
sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang:
Budhi setyawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar