PUPUH
III
G A
M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang
kelantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang
sayektos.
03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan
melu saking wong sudra
papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang,
kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.
05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan
si gajah angendelken
gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun
nyakot.
06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata
iya sapa kumawani, iku
ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.
07
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para
tantang candala
anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi
geguyon.
08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggowa rereh ririh
ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha
solahing wong.
09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan
si gajah alena patinireki, si ula
ing patinipun, ngedelken upase mandos.
10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane
kajalomprong.
11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora
eling, yen den gunggung
katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun
meh mencothot.
12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun,
mung warege
wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun,
rerubo alaning uwong.
13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk,
kang wong akeh kang
sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol
sanggap sakehing wong.
14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong
agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong
mangkono didhedhoplok.
15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe
wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus
weruh amelengos.
16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora
wurung cinirenen den
titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar