Jumat, 12 Desember 2014

TANGGAP WACANA KANG SAE KEDAH SAGED NDUDUT RASA



Pamedhar sabda anggenipun maraga saged ndudut rasa saha wibawa, tartamtu mboten nilar saking tatakrama, miwah kasusilan.

            Tatakrama inggih punika basa ingkang katata kajumbuhaken swasana. Kasusilan dumunung wonten tandang tanduk.

1.      Tatakrama
Marsudi ing reh tatakrama punika, parikedah saged mumpuni saha mangertosi :
a.       Kawruh kagunan basa.
b.      Bab basa.
c.       Basa rinonce (lagaking basa).
d.      Traping basa ingkang leres saha sae.
e.       Kawi jarwo.

Katrangan :
1)      Pangertosan bab kawruh kagunan basa
Praptelanipun kagunan basa punika babagan kasusastran ingkang ngemot wedharing gagasan saking priyantun pinter, tinata endah, bab warninipun saged kaandaraken wonten ing pawiyatan.
2)      Pangertosan bab basa ingkang ngemu teges (mengku teges) piranti kangge pasrawungan ing antawis priyantun lan sanesipun inggih punika basa ingkang kaprah dipunmangertosi bebrayan ageng. Katranganipun saged bandaraken wonten ing pawiyatan.
3)      Basa rinengga (gaya bahasa Indonesia). Lagaking basa.
inggih punika unen-unen utawi tembung ingkang suraosipun langkung alus saged narik lan dipun midangetaken priyantun sanes saha angel dipun tiru. 
4)      Pangertosan traping basa ingkang leres, miwah sae inggih punika angginakaken basa lugu lugas, lugas luwes gampil katampi priyantun sanes miwah lungguhing basa ingkang badhe.
5)      Pangertosan kawi jarwa pratelanipun jarwaning basa kina ingkang taksih kaginakaken ing pambiwara miwah pamedhar sabda.

2.      Kasusilan

Marsudi ing reh kasusilan parikedah mangertosi miwah saged nyakup antawisipun :
1)      Kawruh nalar ingkang anggayuh jatining leres.
2)      Kawruh ingkang angudi dhumateng subasida, tandang tanduk, solah bawa, mona-muni.
3)      Kawruh ingkang marsudi jatining rasa, tartamtu raos kaendahan.

Katerangan :
1)      Kawruh nalar ingkang anggayuh jatining leres saged kawedharaken ing pawiyatan.
2)      Kawruh ingkang anngudi dhateng ing subasita, tandang tanduk, solah bawa, muna muni saged kawedharaken ing pawiyatan.
3)      Kawruh ingkang marsudi jatining rasa saged kawedharaken ing pawiyatan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar