PUPUH
IV
P A
N G K U R
01
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing
wong urip, ala lan becik
puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun
kadulu, miwah ta ing tata
krama, den kaesthi siyang ratri.
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu tan
kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
angucap meneng myang
nendra, duga-duga aja kari.
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan
cilik, papat iku datan kentun,
kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing
dhusun, kabeh kang padha
ambekan, papat iku aja lali.
04
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan
prayogi, iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing
edur, aja sira pedhakpedhak
nora wurung neniwasi.
05
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan
linggih, solah muna
mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang
podho miwah kang luhung,
kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih
06
Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan
linggih, iku panengeranipun,
winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujalma,
datan amindho gaweni.
07
Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki,
ing jubriya-kibiripun,
sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira
Hyang Agung, ujar sirik
kang rineksa, kautaman ulah wadi.
08
Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa
basuki, ingkang lumrah wong
puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene
pan kumingsun,sasolahe tan
prasaja, jail mutakil basiwit.
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den
simpeni, becike dhewe
ginunggung, kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe
ngandhukur, wong
mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.
10
Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati,
sabarang karepanipun,
sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya
mbanjur, luwamah lawan
amarah, iku kang den tuti wuri.
11
Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang
alinggih, tan suka sor
ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma
pangrasane dhewekipun, tan ana
kang madhanana, angrasa luhur pribadi.
12
Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik
tinutwuri, watek rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa, dipun sami anglabuhi kang
apatut, parapan dadi
tuladha, tinula mring wong kang becik.
13
Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan nyumur
gumuling, ambubuti arit
puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora
kena dipun enut, monyarmanyir
tan antepan, dela lemeran puniku.
14
Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan barang
kardi, angrong prasanak
liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah
bebatur, tuwin sanak
prasanakan, sok senenga dan ramuhi.
15
Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi,
nora kene rubung-rubung,
wadine kang den urap, mbuntut arit punika
pracekanipun, apener neng
pangarepan, nggarretel dumunung wuri.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe
pribadi, iku lelabuhan patut,
aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika,
kang sayogya ngupayoa,
anglir mastimbul ing warih.
Oleh : Mas Kumitir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar