A. Purwaka
Tanggap wacana (pidato) inggih menika ngendika wonten ing
sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendika wonten ing
sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok. Ingkang dipunmaksud tiyang
kathah punika mboten wonten batesipun.
Tanggap wacana punika wonten
pinten-pinten kabetahan, umpaminipun :
a.
Pasrah
panganten.
b.
Nampi panganten.
c.
Atur pangayu
bagya
1.
sepekenan bayi/selapanan lsp.
2.
Supitan/tetesan.
3.
Kesripahan.
4. Manton
lsp.
d.
Sabda tama.
e.
Medhar sabda
umum (rapat-rapat umum).
B. PERANGANE TANGGAP WACANA
Saben kabetahan kasebat cak-cakanipun benten-benten. Ewa
samanten blegeripun saged kaperang dados 7 (pitu).
-
Uluk salam.
-
Ngaturaken puji
syukur iing ngarsaning Gusti ingkang Maha Wikan.
-
Atur panuwun,
kalebet sugeng rawuh.
-
Gatining sedya.
-
Nyuwun donga
pangestu.
-
Panutup.
Menawi
medhar sabda keparenga angemuti bab :
a.
Wiraga (rehing
tata susila).
b.
Wirama
(pangerehing atur/pangandika).
c.
Wilet
(rumpakaning basa).
1.
Ing bab wiraga
temenipun mboten kathah ingkang kagalih, namung polatan tajem, jumenengipun
keblat, wadana sumringah (manut kabetahanipun), raos gembira, prayogi sanget
Manawa saderengipun matur ngempalaken cipta, rasa lan karsa (konsentrasi).
2.
Wirama :
Wiramaning atur tansah angemutaken ing kabetahanipun atur ing manton temtu
benten kaliyan atur ing kasripahan, lsp.
3.
Wilet :Ing bab
rumpakaning basa kaparenga tansah ngemuti papan saha swasana, liripun manawi
mapan wonten padhusunan lan tamunipun kagalih pirang pana ing basa ingkang
awig, kaparenga 1 ngginakaken basa ingkang samadya kemawon. Swasana ingkang
boten anguntungaken ugi ndadosaken kuciwanipun ingkang paring pangandika,
pramila menawi perlu dipun cekak kemawon.
Ukara-ukara ingkang panjang saha mulet-mulet punika
saged dados anjuwarehi, mila sasaged-sagedipun ringkes nanging sadaya kabetahan
saged karampungan. Ukara-ukara/tembung sasaged-saged sampun ngantos dipun
wongsal-wangsuli.
Manawi badhe matur kangge nglarasaken kabyan
kawontenan perlu kagalih bab-bab :
1)
Ngleres-ngleresaken
ageman.
2)
Ngaturi kanca
pangapit (Manawa wonten pangapitipun).
3)
Ngleresaken mige
saderengipun matur.
4)
Konsentrasi.
5)
Wiwit matur.
Wangsul bab basa pancen saleresipun basa jawi makaten
radi riwin, awit saking kathahipun lan wonten trap-trapanipun. Mila manawi kagalih
kirang pas, kasuwun sampun ngantos ngginakaken tembung, langkung-langkung
tembung kawi ingkang dereng pana tegesipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar