Rabu, 03 Desember 2014

Ing Langit Biru



Arif Mulyarto:
Ing Langit Biru

Ing Langit Biru

Ewunan wewayangan ing kono

Ana mega, angin lan bagaskara

Ana laut amba lan manuk-manuk

Ngebaki akasa

Uga ana wewayanganku

Sing tansah ngoyak ibere impen

Sing rapet kesimpen

Ing sadawanin angen-angen



Ing langit biru

Kaya tak temu sekabehe wangsulan iku

Sakwuse nyawang adoh

Lan mbedhek sejarah

Lelayaran iki pancen kudu dipungkasi

Nggawa ati sing wis khusuk

Bali marang bumi

Marang sepi



Ing langit biru, sesawangan katon jembar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar