Senin, 08 Desember 2014

Satuan cerita dalam novel tunggak-tunggak jati

TUNGGAK-TUNGGAK JATI

1.      Insinyur muda
Wonten gubug ing sajroning alas jati ingkang gundhul. Ing ngriku kawontenan insinyur Karmodo.
Saweg ngentosi setnggaling tiyang, tiyang ingkang tenggo menika teka ngangge montor ingkang naminipun Kaudin kepala mandher wonten daerah mriku. Sedaya tiyang wau ngrembag babagan tetaneman lan pengelolaan lemah bekas alas gundhul menika kangge warga dinas. Wonten tiyang cina Tan Bian Biau medal saka oto Holden, ingkang disusul dening mandor Lauri. Ningali Tan Bain Biau Ir. Karmodo mlebet dhateng gubug lan tiyang cina menika mboten yakin nggenipun Karmodo menika insinyur muda ingkang panguasa tanah babatan menika. Karmodo matur anggenipun petak ingkang dereng dipun tanemi menika gadhahane Tan Bian Biau, lan petak ingkang sampun ditanem menika gadhahane Karmodo piyambak. Ananging Tan Bian Biau mboten saruju anggenipun Karmodo nyampuri urusanipun, sesampunipun Karmodo lajeng wangsul.
Mandhor Lauri ngendika dhaten Tan Bian Biau menawi Ir. Karmodo menika luwih kuasa tinimbang kancanipun. Lajeng Tan Bian Biau ngraosaken tumindhak ala rumiyin menika lepat.
2.      Tunggak Jarak Mrajak
Samdumuginipun dhateng  griya Tan Bian Biau madosi putrinipun, yaiku Lien Nio kangge ngedeki Karmodo. Tan Bian Biau ingkang mboten nyarujuki anggenipun Lien Nio kaliyan Ir. Karmodo, nanging seniki dipun restuni kangge mundhut petak ingkang dikuasani dening Ir. Karmodo. Lien Nio mboten ngawigatosaken bapakipun lajeng madosi Siau yung adhi Lien Nio kangge mbiyantu. Lien Nio kraos sedhih amargi wedi anggenipun Ir. Karmodo bakal tresna marang adhinipun.
3.      Ati Lanang
Satekane Ir. Karmodo ing kalidawir, panjenengane dados perhatian dening tiyang sanes. Ir. Karmodo menika putra saking Pak Karsonto, putranipun abdi dalem ingkang kesah salawas 10 warsa. Lajeng panjenengane kondur kaliyan mbeto pangkat yaiku insinyur ingkang kasa. Bapak lan Ibunipun saweg aweh pitutur kanggo Karsini, menika putra kaping kalih anggenipun mboten saruju Krsini mbojo kaliyan tiyang cina yaiku Ing Liem. Anggenipun Karmodo piyambak mboten nglarang anggone Karsono mbojo kaliyan Ing Liem, merga Karmodo uga bakal mbantah anggenipun tiyang sepuh mboten nyarujuki menawi Karmodo menika badhe mbojo kaliyan tiyang cina yaiku Lien Nio. Mbok menawi perjuangan cinta kekalih wau mboten gampang, kathah masalah ingkang kudu diadhepi.
4.      Kayu Dadi Dahuru
Samenika Siau Yung teka dhateng gubug kang biasa di anggeni Ir. Karmodo kangge menehi layang dhateng panjenenganipun. Wonten peristiwa ingkang mboten diduga, Sau Yung nesu amargi kayu ingkang dipun beta dening satunggaling tiyang adol. Tiyang menika yaiku Kastam utusan Karmodo lajeng nyuwun pangapura dening panjenengane. Kayu ingkang dipun beta dening Kastam malah di tumbas dening Siau Yung, dheweke badhe maringi piyambak dhateng Ir. Karmodo, dheweka uga ndawuhi Kastam kangge menehi layangipun dating Karmodo.
Pak Kaudin rawuh, teng mriku tasih wonten Siau Yung, Mandor Lauri lan Rukun. Pak Kaudin nesu marang Lauri lan Rukun anggenipun tiyang kalih punika sampun nentang Ir. Karmodo. Tiyang menika dipundawuhi mbalekake artanipun lan mbeta kayu menika dhateng kalidawir.
5.      Layang Mawa Pamrih
Kastam rawuh ing griyane Ir. Karmodo tabuh 7 enjing. Panjenenganipun ngraos wonten dalan kangge medeki malih sesampunipun peristiwa kang sampun kapungku, yaiku menehi layang saking Siau Yung ingkang dipun titipake marang Kastam. Sasampunipun Ir. Karmodo wangsul saking griyanipun Pak Mujahid, Ir. Karmodo maos layang Siau Yung menika. Sesampunipun maos layangipun lajeng alyang dipun gletak ing panggonan kanggo sare. Karsini penasaran lajeng dipun waos.

6.      Diundha Ing Mega Mendhung
Tan Bian Biau mboten yakin anggenipun Siau Yung menika saged ndawuhi pangandikane. Dheweke nganggep putrinipun sarwa gugup anggenipun tumindhak mangka mboten mboten sanggup ngadepi insinyur ingkang dhuwur wibawanipun. Wektu menika kastam mlebet teng pekarangan Tan Bian Biau, tiyang sedaya ngrembag nasib perusahaan. Lauri kuwatir anggenipun dipeca. Tan Bian Biau ngira anggenipun Lauri dipun pecat dhateng Karmodo. Tan Bian Biau ngendika dhaten Putrinipun Siau Yung dipun restuni bilih Siau Yung nggadihi ubungan kaliyan Ir. Karmodo.
7.      Sarwa Salah Weweng
Snaiki Lauri sampun mboten remen malih dados tiyang ingkang kelngan kawibawanipun. Salmah, bojonipun ngendika anggenipun ingkang dibutuhaken lauri menika kepribadian kang digadhahi deneng Lauri.
Lauri dhateng teng gene griya Rukun kangge ngomongi supaya saged nggadahi kerja malih.
Salah suwene Lauri ngraos salah lajeng nyuwun ngapura. Rukun melas dhateng Lauri.
Lauri mboten dipun pecat. Dheweke malah kesuen nggenipun nggadahi gawe anggenipun nandur wit pinus. Lajeng Lauri kesah menyang tegal.
8.      Ketemu Sedulur Lawas
Lien Nio yakin anggenipun Karsini saged ngobati lara atine kang disebabake dening Karmodo, tiyang jaler pujaanipun saniki sampun caket kaliyan adhinipun, Lien Nio ngrelakake.
Siau Yung uga nganggep anggenipun Karmodo tresna marang piyambakipun. Lien Nio nangis anggenipun ningali adhinipun bareng kaliyan Ir. Karmodo. Dheweke mboten kraos anggenipun wonten Honda putih nyedaki, lajeng dipun dawuhi kangge nganter Lien Nio dhateng Parijatah. Tiyang mudha menika nepangaken piyambakipun marang Lien Nio menika Suwaji. Dheweke sampun dangu tepang kaliyan Lien Nio, sebab Suwaji menika kanca Bapakipun, nanging Lien Nio piyambak mboten tetepangan kaliyan Suwaji. Suwaji crita kathah sanget babagan kauripanipun kalian susah marang Lien Nio.
9.      Kepengin Anak
Suwaji crita anggenipun sampun 11 warsa dheweke mbojo kaliyan Muslikatun nanging dereng dipun paring lare. Dheweke mbboten purun pisah kaliyan Muslikatun , Suwaji sempet dados tiyang rusak, dheweke sering metu saka umah.
Sesampunipu Lien Nio miring crita saka Suwaji, akhire Lien Nio nangis ngarep sedaya saged purna. Lajeng nerusake dhateng parijatah, tiyang sedya mirsani sedulur Lien Nio ingkang wonten mrika, nanging mboten mangertos menapa taksih wonten ing mriku. Lajeng tiyang sedaya wau nyuwun pirsa shateng tiyang wonten mriku.

10.  Ora Ketang Dadi Juru Dang
Ing samenika Srmoda nggadahi layang saking Pak Asmauntara, ingkang isinipun layang menika supados Karmodo ngrampungake tugas. Bian Biau ngendika dening Karmodo anggenipun Bian Biau sampun nelasake arta kanggo mbayar kuli. Lajeng Bian Biau nyuwun pagawean dhateng Karmodo lan dipun paring kerja kangge mbikak alas ing kalidawir . Bian Biau remen dhateng pagawean ingkang diparingi Karmodo lajeng dipuncritakaken dhateng Pak Mujahid anggenipun Lien Nio sampun dipun usir saking griya, inggih menika lare ingkang nggadahi bebekten. Anggenipun Lien Nio menika wanita kang dipun idam-idamaken dening Karmodo.
11.  Sing Diluru Sing Ketemu
Dinten menika Karmodo migunakake montor liem kangge madosi Lien Nio. Karmodo mireng saking Bian Biau anggenipun Lien Nio tindak menyang parijatah. Sasampunipun dumugi ing parijatah Karmodo mboten mangertosi seduluripun Lien Nio satunggalipun. Ibunipun Lien NIo sanpun seda. Karmodo nyuwun pirsa dhateng tyang ingkang liwat wonten mriku. Wonten satunggaling tiyang ingkang mangertosi anggenipun wonten griya gadhahane Salmah menika kancanipun mbok kartinah, ibunipun Lien Nio.
Mboten disangka Pak Mujahid wonten dateng griya menika, Karmodo yakin Salmah menika sanes seduluripun Mujahid. Pak Mujahid ngendika anggenipun Lien Nio menika mboten wonten teng griyanipun Salmah. Suwaji wangsul menyang griya sareng kalih Lien Nio, lan Muslikatun nangis anggenipun ningali Suwaji sareng kaliyan Lien Nio.
Lien Nio ngraos sedhih lajeng mbukak jendela kamar lan medal saking griya menika.
12.  Sing Diindhit Kancrit
Sasampunipun Lien Nio medal, Lien Nio ngraos kawatir. Panjenengan mboten mangertos daerah wonten ingkang mriku, lan wektu menika saweg peteng. Lien Nio mboten mangertos anggenipun Karmodo teka menyang griya punika, Karmodo mirsani Lien Nio, Suwaji ngira anggenipun Lien Nio taksih wonten ing griya menika. Samenika Suwaji mlebet dhateng papanipun Lien Nio,Suwaji gumun amargi Lien Nio sampun mboten wontening papan kuwi, Muslikatun nyritakake sacetha-cethane menawi Lien Nio kabur saking griya, lajeng Karmodo wangsul.
13.  Mancing Pangeling-eling
Bian Biau gumun samenika lemah babatan dipun suwun dening Karmodo, menawi lemah menika hak karmodo. Suwe-suwe Bian Biau gerah lajeng seda. Sadurunge seda, pesen dateng Lien Nio anggenipun Lien Nio menika dipun Utus ngurusi perusahaan bapakipun. Lajeng Lien Nio dados direktur teng perusahaan menika,nanging mboten kersa patepangan kaliyan Karmodo, menawi anggenipun Karmodo taksih ngarep-ngarep Lien Nio.
14.  Aja Lamur Dening Pupur
Ing Liem nekani griyane Lien NIo, Ing Liem ngendika anggenipun karmodo dipun demonstrasi dhateng warga.
Warga pengen nyuwun tegal ingkang dipun jabel dening bapak Lien Nio.
Lien Nio teka,warga rame, dikira Lien Nio badhe mbela warga,nanging mbela Karmodo, sawise didawuhi bubar dening Lien Nio warga padha bubar. Wektu menika Karmodo ngraos lepatipun sanget dhateng Lien Nio,nganti nangis. Nanging kekalihe taksih padha-padha tresnane,mangka kekalihe rangkulan kaliyan nangis.


                     
Wonten Ing novel tunggak-tunggak jati,kawontenan alur yaiku alur MAJU. Menika kabukten anggenipun Karmodo ingkang saking putranipun abdi dalem ngantos saged dados insinyur ingkang kuasa.
Lien Nio ingkang sampun tresna marang Karmodo salawasipun 10 warsa, ingkang mboten purun dhateng bapakipun, nanging akhire nggih bareng lan di setujui marang bapak.
Bia biau ingkang licik badhe ngrebut panguasaning gadhahane Karmodo, nanging akhire Bian Biau seda ananging gerah ,lajeng Lien Nio dados manager ing perusahaan bapakipun, lajeng nyatu kaliyan Ir. Karmodo.

1 komentar: