Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang
karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4
warna, yaiku:
1. Cangkriman wancahan yaiku
cangkriman kang kedadean saka tembung-tembung kang diwancah utawa dicekak.
Tuladha:
a. Burnas kopen = bubur panas kokopen
b.
Yu mae rong = yuyu omahe rong
c. kabaketan = nangka tiba nang suketan
d. pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
e. wiwawité, lesbadongé = uwi dawa
uwité, tales amba godongé
2. Cangkriman pepindhan iku cangkriman
kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané.
Tuladha :
a. Sega sekepel dirubung tinggi = salak
b. Wit adhikih woh adhakah = semangka
c. Pitik walik saba kebon = nanas.
d.
Bocah
cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
e. Wit adhikih woh adhakah = waloh.
f.
Wit
adhakah woh adhikih = ringin.
g.
Kebo
bulé cancang marang = buntil
h. Gajah nguntal sangkrah = pawon
i.
Emboké
wuda, anaké tapihan = pring
3. Cangkriman
blenderan yaiku
cangkriman kang ngemu surasa blenderan, pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati
bakal keblendher temenan, ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah.
Tuladha:
a.
Wong dodol tempe diwudani = Sing diwudani dudu sing dodol
nanging tempene
b.
Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa = Karepe nangis
c. Wong adol témpé ditalèni = sing
ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
d. Wong mati ditunggoni wong
mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
e.
Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil.
4. Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku
cangkriman kang mapan ana ing tembung.
Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
bangsa sato kadya peksi,
sasana nunggil manungsa,
pamboga maduning sari,
sewara anglir raseksa,
darbe curiga ing merdi.
Cangkriman kang sinawung ing tembang kinanthi iku batangane = kombang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar