Sabtu, 13 Desember 2014

Kawruh Basa


A. Pamilahe Basa Manut Unggah-Ungguhe Basa :
 

1.      Basa Ngoko

a. Ngoko Lugu

b. Ngoko Andhap


2.      Basa Madya

a. Madya ngoko

b. Madyantar

c. Madya Krama



3.      Basa Krama

a. Krama Lugu (Kramantara)

b. Mudha Krama

c. Wredha Krama

d. Krama Inggil

e. Krama Desa

f. Basa Bedhaton 
      

Katrangan :

a. Sing migunakake basa ngoko yaiku :

1.      Bocah padha bocah

2.      Wong cecaturan (sing wis raket)

3.      Wong sing luwih tuwa marang wong enom.



Tuladha :
-          Kowe aja metu dhisik! 
-          Sliramu aja metu dhisik!
 
b. Sing migunakake basa krama yaiku :

1.      Murid marang guru.

2.      Wong enom marang wong sing luwih tuwa.

3.      Anak marang wong tuwa.

4.      Reh-rehan/pegawe marang dhedhuwurane/pimpinane.


Tuladha basa karma :

-          Kula tumut ibu dhateng pasar.

-          Kula dereng nginum.


c. Basa krama inggil iku basa krama sing luwih ngajeni (luwih alus) kanggo ngluhurake wong liya lan ngasorake awake dhewe. Basa krama inggil diarani uga basa krama alus. Sing migunakake basa krama  inggil pada karo sing migunakake basa krama.


Tuladha :

-          Bapak tindak dhateng Solo dinten Sabtu.

-          Ibu ngasta tas blanja.

-          Sepeda punika kagungan Bu Hartini.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar