ADVERBIA
Adverbia (tembung Katrangan) inggih
menika tembung ingkang ginanipun aweh katrangan dhateng unsur tartamtu ing
satunggaling ukara.
Unsur-unsur menika saged awujud tembung,
Frasa, utawi Klausa ingkang anggadhahi kategori kelas kata.
Tuladha:
•
Simbah nembe siram
Adverbia Verba
•
Bisane mung nangis thok!
Verba Adverbia
•
Uwohe akeh
banget
Numeralia Adverbia
Adverbia Nerangake:
•
Nerangaken Cara,
Tuladha: mlaku cepet
•
Nerangaken Frekuensi,
Tuladha: sering turu
•
Nerangaken Panggonan,
Tuladha: mlayu mrana-mrene
•
Nerangaken Wekdal,
Tuladha: wingi bapak mulih
•
Nerangaken Tingkat
Kejadian, Tuladha: rada pait
Ciri-ciri Adverbia:
•
Penanda Semantis
•
Penanda Sintaksis
Penanda Sintaksis:
1. Adverbia ingkang manggen ing kiwa
Tuladha:
anake ora gelem mangan
2. Adverbia ingkang manggen ing tengen
Tuladha:
Siska rupane ayu banget
3. Adverbia ingkang manggen ing kiwa
kaliyan tengen
Tuladha: Apike kowe sregep sinau, Kowe apike sregep sinau.
Penanda Semantis:
1.
Adverbia Keakanan
Tuladha:
Trismi arep ngumbahi
klambi ing kali
2.
Adverbia Kebermulaan
Tuladha:
Minggu wingi wis wiwit UTS
3.
Adverbia
Keberlangsungan
Tuladha:
Bapak saweg dhahar ponggol
4.
Adverbia Keusaian
Tuladha:
Rombel 2 wis UTS TIK dina Jumat wingi
5.
Adverbia Keberulangan
Tuladha:
Aan kerep nangis yen ditinggal Ani
6.
Adverbia Keniscayaan
Tuladha:
Jam 11 dina Senen mesthi kuliah Morfologi Lanjut
7.
Adverbia Kemungkinan
Tuladha:
Sajake Claodi arep turu
8.
Adverbia Keharusan
Tuladha:
Aku kudu bali saiki
9.
Adverbia Keizinan
Tuladha:
Malem minggu iki Ani entuk metu
10. Adverbia
Kecaraan
Tuladha:
Trismi lan Siska mangkat kuliyah bebarengan
11. Adverbia
Kualitatif
Tuladha:
Omahe Diana paling jembar
12. Adverbia
Kuantitatif
Tuladha:
Kopine pait merga gulane sethithik
13. Adverbia
Limitatif
Tuladha:
Lauhe mung trasi thok
Sub Kategori, Bentuk, Makna, lan Sistem
Morfologi Adverbia:
•
Bentuk Adverbia
•
Monomorfemis
•
Polimorfemis
•
Kajian Morfologis
Adverbia
•
Murni
•
Non Murni/Transposisi
Adverbia Murni:
Bentuk Morfologis Adverbia Murni:
1. Adverbia
Bentuk Ulang
a. Adverbia
Ulang Penuh
Tuladha: - Rombel 2 lagi sibuk nggarap
tugas dhewe-dhewe (Dwilingga)
-
Bebek mlakune megal-megol (Dwilingga Salin Swara)
- Opi lan Oki sering balang-balangan
kertas (Dwilingga+Afiks)
b. Adverbia Ulang Parsial
Tuladha: - Ani lan Aan padha dedhemenan
(Dwi Purwa + Afiks)
2. Adverbia
Bentuk Gabung
Bentuk Gabung inggih menika 2 Adverbia
ingkang arupa morfem asal.
Tuladha:
- Kadhang kala wong urip iku kudu narima
- Mung wae aku ora ngreti apa sing dikarepake
Adverbia Kanthi Unsur “Mak” utawi
“Pating”
Yaiku panandha kedadean ingkang spontan
utawi ujug-ujug.
Tuladha:
- Dumadakan lampu mati mak pet
- Hpne tiba ing kolam iwak mak plung
- Tukang ngemis pating klekar ing pinggir dalan
- Peleme tiba pating gedhebug
Adverbia Non Murni:
1. Adverbia
De Verbal
Tuladha:
Budi turu nggliyer ing pejagongan
2.Adverbia
De Adjektifa
Tuladha:
Kopine kepaiten, kurang gula
3. Adverbia De Nominal
Tuladha:
Diana yen mangkat sekola ora sepatunan
4. Adverbia De Adverbia
Tuladha:
Minggu ngarep ing omahku ana slametan Nyewu Simbah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar