Senin, 08 Desember 2014

SATUAN CERITA DARI NOVEL “NGULANDARA”

NGULANDARA

Oto ingkang mogok ning tengah bulak jam setengah enem,kang wonten ing oto yaiku priyantun jaler umuripun udakawis seketan taun,lan priyantun estri umur tigang dasa gangsalan taun menawi bojonipun,uga priyantun estri wetawis umur pitulasan taun menawi anakipun. Mogokipun oto wau wonten tengah bulak kaprenah sangandhaping dhusun kledhung,ing wayahe peteng,gremis,lan angin ngidit. Wonten oto ingkang samburinipun lajeng sopir ingkang nduweni tatakrama jangkep mandap saking oto lan mbenerake oto ingkang mogok wau,sasampunipun oto mboten mogok malih priyantun jaler ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta nanging sopir wau mboten purun na,peni artanipun.
            Oto ingkang sami bidhal, priyantun tetiga wau bingah,anggenipun otonipn sampun dados lan gumun dhateng sopir ingkang nulungi tetigi priyantun punika, ananging sopiripun mboten urun nampeni arta saking priyantun jaler,lan sopiripun nggadahi tatakrama ingkang jangkep dhateng priyantun punika.
            Ing dinten minggu,wetawis jm wolu enjing Nonya Tiong Hoa dhateng ngasistenan,kala semanten Den Bei Asisten Wedana saweg lenggahan kaliyan ingkang putrid kaliyan putranipun wonten ing gadri wingking,sinambi ngunjuk wedang . sesampunipun lenggah sedaya , nyonyah Hien Temanggung kaliyan Raden Ayu Asisten Wedana nglajengaken rembagipun. Saweg rembagan, Raden Bei mangertosi anggenipun sopir ingkang nulungi sopiripun Nyah Hien ,lajeng sopiripun dipun undhang lan ditakoni ing Raden Bei, menawi Rapingun ingkang sampun nulungi raden Bei ing bulak , lan Nyonyah Hien gumun sanget dene Rapingun milih tumut Raden Bei Asisten Wedana tinimbang tumut Nyonyah Oen ingkang boten badhe ngewahaken pamedalipun .
            Rapingun ingkang sampun nderek Raden Bei nggadahi watek bagus banget,beda karo sopir liya-liyane. Samubarang di tandangi,nganti ngresiki lan nata buku-buku ing kantore bapak. Raden Bei nggadahi jaran ingkang apik nanging gemblung, wis ana panegar telu sing di tekakke meksa ora sida nunggang, jaran punik uga sampun di tawarake, anggenipun sinten kemawon inggkang gelem ngingu lan nganggo,ning ora ana sing gelem. Lajeng Rapingun badhe nyobi ngrumat Hel niku nanging mboten purun dhateng Raden Bei.
            Dinten ngahad, Den Bei Asisten Wedana sakaliyan putranipun medal dhateng margi ageng,Rapingun manahipun seneng banget amargi Rapingun badhe nglatih Hel, jaran ingkang gemblung,Rapingun dipun rewangi dhateng Kreta. Hel menika bigar lajeng badhe mbandhang, nanging mboten saged jalaran dadhune kendhali lan witipun sami sentosa sanget,sareng meh dumugi Ngadireja saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Raden Ayu Asisten Wedana mangertosi yen Rapingun numpaki kapal,Raden Ayu kuwatir sanget dhateng Rapingun.
            Amargi Raden Ayu Asisten Wedana saweg radi puyeng,mangka Jeng Tien ingkang ngaturi serat dhateng Bu Mantri Gudhang Magelang. Jeng Tien menika kepleset wektu mlebet dhateng oto lajeng Raden Ajeng Tien lenggah ing ngajeng, Rapingun lajeng minggah ing bak ngajeng sisih tengen, linggihipun mepet nengen amargi netepi tatakrama ananging Raden Ajeng Tien mboten sekeca sumerep patrapipun Rapingun kados mekaten amargi ketingal rekaos sanget. Sasampunipun di kandhani dhateng Raden Ajeng Tien, linggihipun Rapingun mingser wonten ing sawingkingipun setir leres, ketingal sekeca kados adat saben. Sareng ngancing kitha Magelang lan dumugi dhateng griyanipun Den Bei Mantri Gudhang lajeng mandhap saking oto, mlebet teng griyo lajeng padha lungguhan, lan sareng-sareng nonton peken malem ing Alun-alun.
            Ing peken malem Raden Ajeng Tien mboten mangertos dening Resi Brongsong, mangka ibunipun nyritani Raden Ajeng Tien bab Resi Brongsong kanthi cetha. Ing ngriku Raden Ajeng Tien ningali wonten jejaka kali, rambutipun sami madhul-madhul,linggihipun rogeh. Jejaka kalih wau sakedhap-sakedhap ngulataken Raden Ajeng Tien, Raden Ajeng Tien saya ketingal pucet,manahipun trataban,kringetipun kumyus wonten ing bathuk lan gulu. Lajeng Raden Ajeng Tien, sedaya medal saking papan panggonanipun. Boten dangu jejaka kalih wau ugi nututi mlebeting restoran ngriku, saweg radi tentrem ing sajawining restoran wonten swanten pating glembor, ing ngriku Raden Nganten Mantri kaget sumerep Raden Ajeng Tien ketingal pucet sanget, lajeng wangsul dumugi griyanipun Raden Bei Mantri , nanging Raden Ajeng Tien mboten purun ngaso amargi badhe langsung kondur teng griyanipun.
            Lampahing dalan wonten piet montor ingkang mbanteraken lampahipun yaiku jejaka kalih ingkang wonten peken malem,kala wau piet montor kendel, Rapingun kapeksa ngendhekake otonipun, salah sijine jejaka kalih wau yaiku Hardjana yaiku tiyang ingkang tresna dhateng Raden Ajeng Tien semangsa sekolah nganti saprene. Wektu Rapingun badhe minggah ing ot, saking wingking hardjana ngembat tosanipun gligen kaangkahaken ing sirahipun Rapingun. Rapingun nanging oto mlampah mawon, nalika meh dumugi pinggiring kitha Temanggung, lampahipun ndadak lajeng alon kemwon, minggir mangiwa terus kendel. Badanipun Rapingn ketingal lemes, guwayanipun pucet, mripatipun merem. Raden Ajeng Tien mangertosi yen Rapingun sumaput lajeng dipun pijeti dening Raden Ajeng Tien, sasampunipun Rapingun melek tanganipun dipun blebed dening Raden Ajeng Tien.
Rapingun  ngayomi sanget dhateng bendaranipun, ing oto Rapingun matur kalih Raden Ajeng Tien,menawi matur kalih Bapak saha Ibu bilih tanganipun Rapingun kenging slinger. Dumugi Asistenan Raden Ajeng Tien mandhap, oto lajeng kalebetaken ing kandhang,Rapingun terus dhateng patilemanipun. Raden Ajeng Tien criyos dhateng Bapak menawi tanganipun Rapingun abuh kenging slinger. Raden Bei Asisten sekaliyan kaget terus murugi kamaripun rapingun. Samenika Rapingun kaliyan Raden Bei Asisten sakaliyan Raden Ajeng Tien padha mrebes mili.
            Seminggu Rapingun wonten griya sakit, saweg dumugi griya sakit Raden Ajeng Tien miring Rapingun saweg rengeng-rengeng dhandhanggula, rawuhipun Raden Ajeng Tien ngandhani Rapingun badhe diajak Bapak dhateng Sala, nanging Rapingun mboten purun amargi Rapingun purunipun Dhateng Semarang. Raden Ajeng Tien kraos aneh dhateng Rapingun, criyos menawi ibu tampa layangng saka Bu Gedhe Sala kana ingkang lagi sekel banget panggalihe, jalaran putrane siji tur kakung Raden mas Sutanta wis kurang luwih pitung sasi iki lunga saking Sala tanpa pamit, nganti saprene ora ana kabare, Raden Ajeng Tien lajeng menehi potrete Bapak lan Ibu Gedhe, ingkang menika gadhahane rapingun. Lajeng Raden Ajeng Tien maosaken laying saking bu gedhe kangge putranipun. Sasampunipun kandaan kalih Rapingun lajeng raden Ajeng Tien menehi kalung lan mainan jantung kang asli saka kringet Raden Ajeng Tien, sasampunipun kalung dipunanggekaken Rapingun lan Raden Ajeng Tien balik.
            Tigang minggu Rapingun wonten griya sakit, let setengah wulan sawangsulipun saking griya sakit,saya dangu susahipun Rapingun ngrebda, sampun kalih dinten Raden bei Asisten sumerep Rapingun suntrut pasemonipun, badanipun ketingal sajak lungkrah, kala punika Raden Ayu Asisten Wedana tanpa subawa lajeng ngengakaken konten, terus mlebet dumugi nglebet,kaget amargi Rapingun saweg linggih ing patileman,mangku guling,tanganipun kiwa nyanggi pilinganipun,mripatipun ketingal abrit saking wedaling luh ingkang sampun ragi dangu, lajeng rapingun dijak metu saking kamar,di takeni dhateng Raden Bei Asisten Wedana, lajeng Rapingun sumahur menawi Rapingun kengeten dhateng tiyang sepuhipun, sasampunipun crita Rapingun di kongkon niliki sepuhipun teng griyane Rapingun, ing ngriku rapingun pamit dhateng raden Bei Asisten Wedana.
            Kesahipun Rapingun saking griya asistenan ngadiraja dipun getuni dening tiyang sugriya. Sapinten getunipunDen Bei Asisten Wedana sekaliyan tuwin putranipun dene anggenipun nyangoni mboten dipun tampeni,naming kapendet sadasa rupiyah sampun jangkep sewulan,namung Rapingun ngirin layang dhateng Den Bei Asisten Wedana lan Raden Ajeng Tien menawi rapingun mboten dhateng Asisten Ngadireja, amangke raden Ayu Asisten Wedana brebel-brebel ngedalaken luh, Raden Ajeng Tien maos kaliyang kaca-kaca.
            Ing dinten Rapingun alias Raden Mas Sutanta sowan dhateng griyanipun Mantri Guru, lajeng Raden Mas Sutanta omong-omongan kaliyan Den Bei Mantri. Den Bei Mantri Guru pancen saged momong kanca nem sepuh, tur jembar memanahipun , cucrut cecriosanipun. Raden Mas Sutanta ngantos tigang jam wonten mriku,lajeng pamitan, saweg pamitan dhateng priyantun putrid teng wingking, ing ngajeng onten oto mandeg, yaiku Raden Bei Asisten Wedana sekaliyan sowan dhateng Den Bei Mantri Guru. Raden Mas Sutanta medal saking dalem lajeng tetepangan kaliyan Den Bei Asisten wedana kaliyan Raden Ajeng Tien, laajeng Raden Mas Sutanta dipun rangkul ananging Den Bei Guru namung nylinguk-nylinguk ananging mboten mangertos punapa-punapa.
            Ing dinten senen jam wolu enjing wonten oto mlampah dumugi kawedanan ing kedhungwuni , oto kaenggokaken dhateng plataran sakiwaning pandhapi, ing oto menika yaiku Raden Mas Sutanta lan ugi Raden Ajeng tien. Den Bei methukaken dhateng plataran, samenika Raden Mas Sutanta kaliyan Raden Ajeng Tien sampunu dados garwanipun,lan saniki Raden Ajeng Tien saweg ngidam.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar