Rabu, 31 Desember 2014

RESENSI BUKU

RESENSI BUKU KANTHI JUDUL “IBU”
Identitas Novel
a.       Penulis                         : Porwadhie Admodihardjo.
b.      Penerbit                       : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)
d.a. Geudung B-8 Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa FBS
Universitas Negeri Semarang (Unnes)
Kampus Sekaran Semarang
Telp : 622486458383, 081325545887
c.       Taun terbit, Terbit       : 2013, Universitas Negeri Semarang (Unnes).
d.      Tebal Buku                   : viii + 102 Hlm.
e.       ISBN                           : (13) 978-602-777-710-1
f.       Dimensi                       : 14,5 x 21 cm,
g.      Jenis Kertas                 : HVS

Sinopsis
            Prawita yaiku putra wedana ing Ngawi, putra saking Raden Ajeng Bratapranata (Wedana ing Ngawi). Nalika taksih alit sekolah ana ing Euro Peesche Lagereschool ing kutha Ngawi nganti rong taun lagi bisa munggah kelas loro lajeng ngendheg ngendhog maneh nganti dipindah menyang H.I.S Nanging boten wonten kemajuan, kancane wis ana klas pitu, Prawita isih ing pangkat lima mawon. Lajeng ing kelas nenem Prawita dipindhah maneh ana ing sakolahan Partikelir, Mardi siswa. Prawita tamat sakolah merga bapake sing Bendara. Wedana iku nganti bisa ditampa ana ing Taman Dewasa Madiyun. Sakolahe dilaju numpak sepur lan dititipake marang asisten wedana ing Paron, nanging nek wayahe prei ya balik nyang Ngawi.
            Prawita sing uteke pas-pasan nanging duweni penginan pengen maju, mula sering takon marang kanca-kancane sing luwih pinter, nanging daya kakuwatane ora nyandhak. Merga kui Prawita nelangsa, melas marang bapak lan ibune kang sampun ngragadi kanggo sinaune. Nalika Prawita mangkat sekolah ana ing sepur entuk tepungan anyar, anake tukang menjait jenenge Minarni. Kekarone nunggal sapawiyatan, Minarni ana ing Taman Indrayane. Saben esuk lorone numpak sepur bareng mangkat saka stasiun Paron lan mulihe saka Madiyun uga bareng, mundhak dina saya kulina nganti tuwuh rasa tresnane. Nek mangkat esuk mesthi dipapag, dientenni banjur mlaku bebarengan menyang stasiun, jejeran lan kala-kala gandhengan tangan. Nganti Prawita wis ora ing Paron maneh, nanging sesambungan karo Minarni ora pedhot. Prawita isih nglanggengake anggone teka ing omahe Pak Marta Ranti (Bapak Ibune Minarni) merga rasa tresna ing ati ing wis ndadi. Nanging ora nyangka meneng-meneng Prawita wis dicalonke dening bapake supaya bisa urip karo Sri Hartati, yaiku putrane pensiyunan sinder pnularan sing weton sekolah MULO, ora ngerti yen Prawita nyimpen ubungan karo Minarni.  Ubungan iku disimpen rapet-rapet ning suwe-suwe sesambungane Prawita karo Minarni bisa kawiyak dening asisten wedone, ing Paron. Nalika iku Prawita balik dolan kagt merga ana mas-mase Pras lan Pram. Lajeng Prawita ditakoni macem-macem dening Raden Brata, disekseni Pras lan Pram. Nganti kebongkar Prawita lan Minarni duwe sesambungan. Bapake ora setuju menawi Prawita arep urip bareng Minarni anake Marta ranti. Bapake Prawita ora setuju nek Prawita karo Minarni kuwi, Prawita dikon mundur anggone sesambungan lan ndherek kersane bapake yaiku supaya Prawita tetep karo putrane Jeng Snder panularan ingkan taksih kelebu priyayi, ora kaya Marta ranti sing kaceke adoh, ora sepadan karo Raden Brata. Nanging Prawita milih urip karo Minarni. Mangka merga kuwi Prawita diculake. Merga pilihane, Prawita dikon lunga saka Ngawi dening baapake. Bapake ora kepengin pirsa uripe Prawita. Prawita uga ora entuk ngambah kawedanan dening bapake amargi Prawita ora gelem nuruti apa sing dikarepake bapake.
            Semana uga minarni sing ora geem anggone dilamar Sumitra anake jagal ing dhukuh nangkareja. Senajan diiming-imingi bandha, omah gedhe, sawah amba, tetep ora gelem , amargi bareng dilamar dening Prawita kang ora ditindakake dening wong tuwane, Minarni sumrunthil wae.
Mataun-taun Prawita ningglake kawedanan ing Ngawi, milih urip karo Minani ing paron. Sanajan urip sanemune pangan, urip ora nate ngalami rasa seneng kejaba dhek jaman isih padha penganten anyar biyen, dhek jaman butuh durung banget-banget anggone nyereg pikiran. Nanging senajan saben dinane kudu kajungkir genthong balapan karo playune butuh nanging sasuwene iku rasaning atine tansah tentrem. Nganti duweni anak papat, wadon telu lanang siji yaiku rahayu wis elas lima SD, lestari ing sekolah rakyat kelas telu, Subekti lan Lukita. Nanging anak bojone durung nate sown ing panggonan raden Ayu Brata Pranata.
Nalika urip kaluwarga karo minarni, Prawita urip ing paron lan sesasi sapisan sowan dhateng ibu ing Ngawi, nanging wektu kang keri-keri iki Prawita wis patang sasi boten sowan dhateng ibu, tetungkul anggone nyambut gawe nguber pangan lan sandhang. Ibu ing Ngawi ngarep-arep. Dinten Setu Prawita nduweni kepengin kango sowan dhateng ibu ing Ngawi merga pasuryane ibu ketok ana mripat bayang-bayangi Prawita merga ya kangen wis suwe ora sowan. Nalika sowan, Prawita nggawa wuragile kanggo dipamerake marang ibune. Prawita mangkat nyang Ngawi saka paron kang adohe 8 km karo nggawa Lukita. Lungane numpak darat. Ana ing dalan Lukita mbesengut keselen mlaku saka Paron nganti Ngawi, Lukita jengkel lajeng digendhong Prawita.
Nalika teka Ngawi ing iomah gedhong gedhe duweke Wedana Prawita mlebu liwat buri. Nemoni mbok Jiami yaiku tiyang Sukareja sing ditinggal rabi maneh dening sing lanang. Lajeng lunga saka desane kanggo luru pagaweyan lan kebeneran menclok ing bendara mantra polisi merga pembantu ingkang sampun ndherek ndara ajeng awit saking alite ndara Pramang ngantos ingkang wuragil gadhah putra sekawan.
Dugi griya boten langsung mlebet kepanggih ibu, nanging nggih tetemuan dhisik, ngobrol kaliyan mbok Jiami. Sasampunipun ngobrol-ngobrol kaliyan mbok jiami dikon ningali ibu saweg wonten pundi. Sampun mangertosi ibu wonten pvilliyun, Prawita nekani ibune, sowan dhateng ibu, nalika saweg cariyos kaliyan ibu babagan panguripe kalih bojone ing Paron, dumadakan pramana kalihan sisihane teka tanpa deduga. Pramana nesu-nesu amargi Prawita sampun kawanen ngambah kawedanan nanging Raden Ayu Brata sabar anggone ngomongi putra-putrane kekarone padha dilungguhake dakkandani deninng ibu menawi ibu nggih kangen sanget marang Prawita, lha pengin tepang kaliyan anak bojone lan besan ing Paron, masa wis omah-omah nganti ana putra 4  durung mangerti sinten. Ibu saking putu-putune, krungu pangudarasa Raden Ayu, Pramana lan Prawita meneng. Lajeng kaluwarga saka kawedanan lunga meng paron kanggo ngerteni kahanan ing kana.
Raden Ayu Brata masrahake Prawita bojo lan putune marang besane supaya bisa dadi kaluwarga kang tentrem, uga Raden Ayu ngrestuni Prawita kaliyan Minarni, malah seneng merga wis duwe putu saka Prawita lan Minarni. Sampun masrahake Prawita sakkaluwarga, raden Ayu Pramana lan bojone pram wangsul dhateng Ngawi malih.

UNSUR-UNSUR INTRINSIK
a)      Tema
Novel Ibu iki nyritakake sabare ibu sing kangen marang anak lanang, merga ora bareng saomah. Anak lanang diusir dening bapak lan kangmase merga luwih milih mbojo karo anak tukang menjait.

“Oallah Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta, ngger. Lehku ngarep-arep rasane nganti kaya entek uyah!”
Banjur gapyuk ngrangkul si wuragil sarta banjur nangis ngglogo.
“Kowe, kok, suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu Brata karo mapan lungguh. “nganti kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra kepenak?”
“Oallah, Taaaa, mrene bola-bali, kok, mung ijen wae. Ra gelem ngajak bojomu. Biyen aku rak wis nate kandha, kepengin weruh wujude bojomu. Mosok, duwe anak mantu nganti anak-anak papat, kok, rung tau weruh wujude. Mbok kapan-kapan ngono, dijak mrene karo anak-anakmu sing gedhe, aku ya kepengin weruh, kaya ngapa rupane putu-putuku.”

b)      Latar Belakang
Poerwadhie Atmodihardjo, salah sijine pengarang Jawa sing saiki wus padha ora ditepungi dening generasi mudha Jawa. Dheweke kalebu pengarang sing gelem nampa anane anyedha/kritik, mula ora mokal yen karang-karangane sing jjumlahe atus-atusan kuwi nduweni bobot. Pengarang asli Ngawi kuwi gawe crita sing “awu-awu”, ora ireng-putih. Amarga dheweke mbabarake crita-critane luwih nengenake gaya realis. Iku sing marakake karya-karyane padha oleh apresiasi sing mirunggan marang sing padha maos. Crita sambung kang judhul “IBU” iki dudu crita ana ing kutha gedhe, nanging ana ing astane Poerwadhie Atmodihardjo dhaerah iku bisa dugarap dadi underane crita sing becik lan mranani. Crita iki pathi-sarine ngrembug prakara uripe menungsa desa, utamane saka kalangane “priyayi cilik”
“Kanggone babrayan ing Paron, Prawita mono dudu wong anyar. Prasasat saben wong tepung lan ngerti yen Prawita iku mantune Marta Ranti. Wong-wong tuwa utawa wong Paron jekek padha ngerti apa lan sapa satemene Prawita iku lan karana iku, sanajan Prawita iku uripe sarwa kacingkrangan, parandene meksa ora digarap murah dening sapa wae kang rumangsa uripe luwih anja. Saben wong ngregani, kanggo nimbangi tangkeb lan sikepe Prawita dhewe sing lembah-manah anoraga, nom-tuwa ora ana sing ora dibasani. Wong-wong racak nyebute marang Prawita padha Pak. Malah sing isih puguh gondhelan tata cara kolot ngndange mesthi Den, Den Prawita.sanajan tan wis dicegah, ewasamono meksa isih nekad.”

c)      Waktu
Ing Paron nalika melek tangi turu mung kahanan sing ngyakinake nek wektu iku wayah esuk.
“Melek byar terus gregah tangi, giras. Rasane kaya ana sing nggugah wae. Banjur lungguh lenggog-lenggog jigrag ana ing amben. Karo nyawang sisihane sing isih turu nglepus dirubung dening anak-nanake sing papat cacahe. Tanpa klamben lan tanpa kemulan, anteng diklampoki dening anake sing cilik dhewe, Lukita.”
“na apa, ta, Pak? Wong isih peteng ngene , lho!”
d)     Suasana
Ing crita iki ana ibu kang kangen marang putrane.
“Oallah Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta, ngger. Lehku ngarep-arep rasane nganti kaya entek uyah!”
“Kowe, kok, suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu Brata karo mapan lungguh. “nganti kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra kepenak?”

e)      Alur
Crita ing crios IBU menika nggadhahi alur maju.
“Aku arep nyang Ngawi, kok, Bu!” ujare Prawita nggenahake.
“Kok, enjing  mpun dugi ngriki, daleme pundi, Mas?” pitakone bakule kanggo obah-obah lambe.
“Mangga-mangga Ndara, pinarak. Sami sugeng rawuhipun? Kok dangu sanget mboten rawuh sowan tuwi ndara Sepuh.”

f)       Gaya Bahasa
Ing cariyos novel Ibu iki taksih ngginakaken bahasa kang isih umum diangge dening masyarakat-masyarakat lan ora ana bahasa kang angel dingerteni.bahasa biasa diangge ing bahasa sadinten-dinten. Nangiing ana siji loro tembung kang ngginakake bahasa kang nyimpen arti, kayata :
“Kaya mendhung sakepel ditrajang ing angin gedhe”

g)      Amanat
Ingkang saged dipundhut saka criyos ing novel Ibu iki, tiyang nggih kudu bissa nrima kahanan urip, kaya Prawita senajan anak wedana, nanging bisa urip karo tukang menjaite ing Paron. Nanging nggih kudu tetep niliki Ibune sapaya Ibune bisa luwih ayem ngerteni kabar anak-anake.

h)      Tokoh/Penokohan
-          Prawita : nggadhahi watek bodho, sabar, kukuh marang kekarepane.
“Prawita nganti rong taun lagi bisa munggah kelas loro lajeng ngendheg ngendhog maneh nganti dipindah menyang H.I.S Nanging boten wonten kemajuan, kancane wis ana klas pitu, Prawita isih ing pangkat lima mawon”
“Prawita kang wis dijodhohake dening bapake nanging wis seneng Minarni mangka Prawita tetep milih urip bareng Minarni ing Paron dadi tukang penjait”
-          Minarni : nggadhahi watek eman marang anak bojo,
“Anu, Pak, aku isih duwe dhuwit seket, njenengan asta sing selawe ben nggo jaga  cah-cah ngko nek dha tangi”
-          Mbok Jiami : setia marang bendarane, ngajeni marang bendarane.
“Mbok Jiami  anggone ngenger is daweg. Wiwit dhek jaman rambute isih ireng meles lan kulite isih alus kaya bludru nganti tekan wayah nyidam kubur ngimpi trebela. Wiwit dhek jamane den Bagus pramana sing nakale ngudubilah setan isih diemban klewar-klewer ngaanti tekan ndara Ita wis duwe anak papat”
-           Raden Ajeng Bratapranata : ngarep-arep putrane sing wis jarang sowan nyang Ngawi, eman marang anak mantune lan putu-putune.
“Oallah Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta, ngger. Lehku ngarep-arep rasane nganti kaya entek uyah!”
“Kowe, kok, suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu Brata karo mapan lungguh. “nganti kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra kepenakan?”
-          Raden kakung Bratapranata : Lewih menting pangkat, mentingke pangkat.
“Aku babarpisan ora ngira yen entek-entekane koe kuwi arep gawe kucem asmane Bapak karo Ibu lan uga gawe kucem asmane masmu Pramana lan Prasaja. Kowe tak magang-magangake ana ing kabupaten kuwi merga aku duwe pangarep-arep, nek kowe mbesuk bakal bisa  diangkat dadi priyayi dening nagara, ngelingi yen Bapak iki anggone labuh marang nagara yaw is ora sithik. Wiwit saka pangkat mantri kabupaten ana ing Ngawi kene nganti bali maneh ana ing Ngawi jumeneng wedana. Malah nek ora ana alangan, sadhela maneh bakal jumeneng patih utawa kangjeng. Merga eyangmu kuwi ya patih, patih Nganjuk lan eyang buyutmu kuwi Bupati. Lha, kowe, lha kok, clekenik arep dadi mantune Marta Ranti sing tukang mesin pasaran. Apa kowe kuwi wis minger keblatmu, ora idhep ing asal lan usul. Marta Ranti kuwi wong apa? Wong kampung sing ora mbejaji.”
-          Pramana : keras marang adine.
“Arep tak usir lan takdunung-dunungake salahe. Apa tekan saiki wis nglenggana nek salah? Wis ngrumangsani nek olehe nekad rabi entuk cah Paron kuwi padha wae karo nglorodake kaprawirane suwargi bapak. Arep takjelir-jelirake tekan kono.”
“Ya, wis, ra susah ngambah kene. Ra susah ngelingi Ibu, wong ibu piyambak ki kalenggahane, martabate ya ditohake kanggo nguber senenge dhewe.”
-          Rustiningsih : gawe kahanan panas
“Aku ki rak kerep krungu nek dhik Wita ki kala-kala sowan ibu ta, Mas.”
“Aku dhewe ki ya kerep nampa lapporan nek Wita ki kerep mrana, apese sesasi pisan.”
-          Marta Ranti : eman marang putu-putune, ngerti kahanane anake.
“MbokMarta Ranti  banjur nyendhal udhete, mbukak bundhelane lan putu-putune banjur didundumi dhuwit nyeringgit. Ujare, “Kana, gek ndhang dha tuku sarapan kana. Apa gethuk, apa thiwul, apa grontol.” Sing nampa dunduman rejeki banjur padha pating kethithir mlayu. Bungah. “
i)        Sudut Pandang
Ngginakaken sudut pandang tokoh utama pelaku utama.
“Aku iki mung bocah ndesa anake tukang mesin, wong sing ora drajat ora pangkat, ora asal lan usul, wong sembarangan, gampangane.
j)        Kelewihan Buku
Buku iki ngginakake bahasa kang gampang dingerteni dening para pembacane. Novel iki ugi ngajarke kita pembaca supados saged nrima kahanan urip ingkang asline wedana nanging nglakokake urip dados tukang menjait. Perwatakan tokoh uga gampang dingerteni .
k)      Kelemahan Buku
Ceritane taksih sok maju mundur, kadang critane wis maju, nanging ning mburi bakal metu konflik jaman biyene.

l)        Saran
Penulisan buku ing novel “Ibu” supados bahasa lan gaya bahasa saged dipunjlentrehaken malih supados saged gampang dingerteni.
m)    Manfaat

Saged kangge nyemangati tiyang ingkang urip sengsara, boten minder meskipun boten urip kepenak,tetep eling marang ibu ingkang sampun dangu boten disowani.

Sabtu, 13 Desember 2014

CERITA CEKAK AKSARA JAWA

PANGLEBUR DOSA CINTRAKA

CERKAK BAHASA JAWA

TRADHISI MIDHANG SAMPUN CURES

Wangsalan



Wangsalan yaiku rumpakan sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wis dikandhakake pisan.

1. Wangsalan Sajroning Pacelathon
a.      Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. (janur gunung : aren)
b.      Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges. (rokok cendhak : tegesan)
c.      Njenang gula lho, aja lali. (jenang gula : glali)
d.      Nggodhog garing, esuk-esuk kok wis nglaras. (godhong garing : klaras)
e.      Ballung klapa, ethok-ethok ora ngerti. (balung klapa : bathok)
f.      Balung geni, ,mbok menawa ora bisa teka. (balung geni : mawa)
g.      Balung janur, mugi paring usada? (balung janur : sada)
h.      Balung pakel, aja seneng alok-alok! (balung pakel : pelok)
i.       Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula. (balung jagung :janggel)
j.       Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni. (saron bumbung :   angklung)
k.      Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. (jangan gori : gudheg)
l.       Kendhil dawa, enggal ditandangi. (kendhing dawa : dandang)
m.     Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae. (putra bebek : meri)
n.      Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang. (mrica kecut : wuni)
o.      Sarung jagung, abot entheng tak lakonane. (sarung jagung : klobot)
p.      Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut bae. (pentil kacang : besengut)
q.      Sekar aren, sampun dangu-dangu. (sekar aren : dangu)
r.       Reca kayu, goleka kawruh rahayu. (reca kayu : golekan)
s.       Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo : so)
t.       Wohing tanjung, becik njunjung bapak biyung. (woh tanjung : kecik)
u.       Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga. (kapi jarwa : kethek)
v.       Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung. (kukus gantung : sawang)
w.      Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar. (kembang jambu : karuk)

2. Wangsalan Edi Peni
a.       Anurkaca, kocak munggwing netra
Wong wruh rasa, tan mama king tata krama
(ancar kaca :rasa, kocak munggwing netra : tesmak)
b.      Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang wong urip ing alam donya
(carang wreksa : pang)
(wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
c.       Kolik priya, wanara Anjani putra
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan
(kolik priya : tuhu, wanara Anjani putra : anoman)
d.      Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa.
kala mudha, bangkit ambekas durmaga.
(yeksa dewa : Bethara kala)
(dewa dewi lir danawa : Bethari Durga)
e.       Roning kamal, Putrane pndhita durna
Mumpung enom, ngudiya laku utama
(ron kamal : sinom, Putrane Pandhita Durna : Aswatama)
f.       Witing kalapa, jawatan ing ngaracapada.
Salugune, wong sinau aja sembrana
(wit kalapa : glugu, jawata ing nngaracapada : wong)

3. Wangsalan Wujud Tembang

            Pangkur

Singgang gung kang piniyara
mardi siswa kakawinireng estri,
wineh winulangaken wadu,
peputhut mong pregiwa,
kang sumewa pasewekaning kalangun,
pangrantamireng pradangga,
sesendhonan genti-genti,

- singgang gung kang piniyara            : winih
- mardi siswa                                    : mulang
- kakawinireng estri                          : wada
- peputhut mong pregiwa                   : janaloka
- pangrantamireng pradangga            : sendhon

            Kinanthi

Kinanthi linggir pitutur,
kentang rambat menyan putih,
awasna dipun pratela,
noleha wiranging wuri,
cecangkok wohing kalapa,
kang dadi pathoking uri,

- kenthang rambat                   : telo
- menyan putih                        : wlirang
- cecongkak wohing kalapa       : bathok


Cangkriman



Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4 warna, yaiku: 

1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung-tembung kang diwancah utawa dicekak. 

    Tuladha: 
a.      Burnas kopen = bubur panas kokopen 
b.      Yu mae rong = yuyu omahe rong
c.      kabaketan = nangka tiba nang suketan
d.      pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
e.      wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé


  
2. Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané.
 
Tuladha :
a.       Sega sekepel dirubung tinggi = salak 
b.      Wit adhikih woh adhakah = semangka
c.       Pitik walik saba kebon = nanas.
d.      Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
e.       Wit adhikih woh adhakah = waloh.
f.       Wit adhakah woh adhikih = ringin.
g.      Kebo bulé cancang marang = buntil
h.      Gajah nguntal sangkrah = pawon
i.        Emboké wuda, anaké tapihan = pring

3. Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan, pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati bakal keblendher temenan, ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah.

    Tuladha: 
a.       Wong dodol tempe diwudani = Sing diwudani dudu sing dodol nanging tempene 
b.      Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa = Karepe nangis 
c.       Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
d.      Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
e.       Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil.

4. Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing tembung. 

    Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
    bangsa sato kadya peksi,
    sasana nunggil manungsa,
    pamboga maduning sari,
    sewara anglir raseksa,
    darbe curiga ing merdi.

    Cangkriman kang sinawung ing tembang kinanthi iku batangane
= kombang