RESENSI BUKU KANTHI JUDUL “IBU”
Identitas Novel
a.
Penulis :
Porwadhie Admodihardjo.
b.
Penerbit :
Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)
d.a.
Geudung B-8 Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa FBS
Universitas
Negeri Semarang (Unnes)
Kampus Sekaran Semarang
Telp : 622486458383, 081325545887
c.
Taun terbit,
Terbit : 2013, Universitas Negeri
Semarang (Unnes).
d.
Tebal Buku : viii + 102 Hlm.
e.
ISBN :
(13) 978-602-777-710-1
f.
Dimensi : 14,5 x 21 cm,
g.
Jenis Kertas : HVS
Sinopsis
Prawita
yaiku putra wedana ing Ngawi, putra saking Raden Ajeng Bratapranata (Wedana ing
Ngawi). Nalika taksih alit sekolah ana ing Euro Peesche Lagereschool ing kutha
Ngawi nganti rong taun lagi bisa munggah kelas loro lajeng ngendheg ngendhog
maneh nganti dipindah menyang H.I.S Nanging boten wonten kemajuan, kancane wis
ana klas pitu, Prawita isih ing pangkat lima mawon. Lajeng ing kelas nenem
Prawita dipindhah maneh ana ing sakolahan Partikelir, Mardi siswa. Prawita
tamat sakolah merga bapake sing Bendara. Wedana iku nganti bisa ditampa ana ing
Taman Dewasa Madiyun. Sakolahe dilaju numpak sepur lan dititipake marang
asisten wedana ing Paron, nanging nek wayahe prei ya balik nyang Ngawi.
Prawita
sing uteke pas-pasan nanging duweni penginan pengen maju, mula sering takon
marang kanca-kancane sing luwih pinter, nanging daya kakuwatane ora nyandhak.
Merga kui Prawita nelangsa, melas marang bapak lan ibune kang sampun ngragadi
kanggo sinaune. Nalika Prawita mangkat sekolah ana ing sepur entuk tepungan
anyar, anake tukang menjait jenenge Minarni. Kekarone nunggal sapawiyatan,
Minarni ana ing Taman Indrayane. Saben esuk lorone numpak sepur bareng mangkat
saka stasiun Paron lan mulihe saka Madiyun uga bareng, mundhak dina saya kulina
nganti tuwuh rasa tresnane. Nek mangkat esuk mesthi dipapag, dientenni banjur
mlaku bebarengan menyang stasiun, jejeran lan kala-kala gandhengan tangan.
Nganti Prawita wis ora ing Paron maneh, nanging sesambungan karo Minarni ora
pedhot. Prawita isih nglanggengake anggone teka ing omahe Pak Marta Ranti
(Bapak Ibune Minarni) merga rasa tresna ing ati ing wis ndadi. Nanging ora nyangka
meneng-meneng Prawita wis dicalonke dening bapake supaya bisa urip karo Sri
Hartati, yaiku putrane pensiyunan sinder pnularan sing weton sekolah MULO, ora
ngerti yen Prawita nyimpen ubungan karo Minarni. Ubungan iku disimpen rapet-rapet ning
suwe-suwe sesambungane Prawita karo Minarni bisa kawiyak dening asisten wedone,
ing Paron. Nalika iku Prawita balik dolan kagt merga ana mas-mase Pras lan
Pram. Lajeng Prawita ditakoni macem-macem dening Raden Brata, disekseni Pras
lan Pram. Nganti kebongkar Prawita lan Minarni duwe sesambungan. Bapake ora
setuju menawi Prawita arep urip bareng Minarni anake Marta ranti. Bapake
Prawita ora setuju nek Prawita karo Minarni kuwi, Prawita dikon mundur anggone
sesambungan lan ndherek kersane bapake yaiku supaya Prawita tetep karo putrane
Jeng Snder panularan ingkan taksih kelebu priyayi, ora kaya Marta ranti sing
kaceke adoh, ora sepadan karo Raden Brata. Nanging Prawita milih urip karo
Minarni. Mangka merga kuwi Prawita diculake. Merga pilihane, Prawita dikon
lunga saka Ngawi dening baapake. Bapake ora kepengin pirsa uripe Prawita.
Prawita uga ora entuk ngambah kawedanan dening bapake amargi Prawita ora gelem
nuruti apa sing dikarepake bapake.
Semana
uga minarni sing ora geem anggone dilamar Sumitra anake jagal ing dhukuh
nangkareja. Senajan diiming-imingi bandha, omah gedhe, sawah amba, tetep ora
gelem , amargi bareng dilamar dening Prawita kang ora ditindakake dening wong
tuwane, Minarni sumrunthil wae.
Mataun-taun Prawita ningglake kawedanan ing Ngawi,
milih urip karo Minani ing paron. Sanajan urip sanemune pangan, urip ora nate
ngalami rasa seneng kejaba dhek jaman isih padha penganten anyar biyen, dhek
jaman butuh durung banget-banget anggone nyereg pikiran. Nanging senajan saben
dinane kudu kajungkir genthong balapan karo playune butuh nanging sasuwene iku
rasaning atine tansah tentrem. Nganti duweni anak papat, wadon telu lanang siji
yaiku rahayu wis elas lima SD, lestari ing sekolah rakyat kelas telu, Subekti
lan Lukita. Nanging anak bojone durung nate sown ing panggonan raden Ayu Brata
Pranata.
Nalika urip kaluwarga karo minarni, Prawita urip ing
paron lan sesasi sapisan sowan dhateng ibu ing Ngawi, nanging wektu kang
keri-keri iki Prawita wis patang sasi boten sowan dhateng ibu, tetungkul
anggone nyambut gawe nguber pangan lan sandhang. Ibu ing Ngawi ngarep-arep.
Dinten Setu Prawita nduweni kepengin kango sowan dhateng ibu ing Ngawi merga
pasuryane ibu ketok ana mripat bayang-bayangi Prawita merga ya kangen wis suwe
ora sowan. Nalika sowan, Prawita nggawa wuragile kanggo dipamerake marang
ibune. Prawita mangkat nyang Ngawi saka paron kang adohe 8 km karo nggawa
Lukita. Lungane numpak darat. Ana ing dalan Lukita mbesengut keselen mlaku saka
Paron nganti Ngawi, Lukita jengkel lajeng digendhong Prawita.
Nalika teka Ngawi ing iomah gedhong gedhe duweke
Wedana Prawita mlebu liwat buri. Nemoni mbok Jiami yaiku tiyang Sukareja sing
ditinggal rabi maneh dening sing lanang. Lajeng lunga saka desane kanggo luru
pagaweyan lan kebeneran menclok ing bendara mantra polisi merga pembantu
ingkang sampun ndherek ndara ajeng awit saking alite ndara Pramang ngantos
ingkang wuragil gadhah putra sekawan.
Dugi griya boten langsung mlebet kepanggih ibu,
nanging nggih tetemuan dhisik, ngobrol kaliyan mbok Jiami. Sasampunipun
ngobrol-ngobrol kaliyan mbok jiami dikon ningali ibu saweg wonten pundi. Sampun
mangertosi ibu wonten pvilliyun, Prawita nekani ibune, sowan dhateng ibu,
nalika saweg cariyos kaliyan ibu babagan panguripe kalih bojone ing Paron,
dumadakan pramana kalihan sisihane teka tanpa deduga. Pramana nesu-nesu amargi
Prawita sampun kawanen ngambah kawedanan nanging Raden Ayu Brata sabar anggone
ngomongi putra-putrane kekarone padha dilungguhake dakkandani deninng ibu
menawi ibu nggih kangen sanget marang Prawita, lha pengin tepang kaliyan anak
bojone lan besan ing Paron, masa wis omah-omah nganti ana putra 4 durung mangerti sinten. Ibu saking
putu-putune, krungu pangudarasa Raden Ayu, Pramana lan Prawita meneng. Lajeng
kaluwarga saka kawedanan lunga meng paron kanggo ngerteni kahanan ing kana.
Raden Ayu Brata masrahake Prawita bojo lan putune
marang besane supaya bisa dadi kaluwarga kang tentrem, uga Raden Ayu ngrestuni
Prawita kaliyan Minarni, malah seneng merga wis duwe putu saka Prawita lan
Minarni. Sampun masrahake Prawita sakkaluwarga, raden Ayu Pramana lan bojone pram
wangsul dhateng Ngawi malih.
UNSUR-UNSUR INTRINSIK
a)
Tema
Novel Ibu iki nyritakake sabare ibu sing kangen marang
anak lanang, merga ora bareng saomah. Anak lanang diusir dening bapak lan
kangmase merga luwih milih mbojo karo anak tukang menjait.
“Oallah
Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta, ngger. Lehku ngarep-arep rasane
nganti kaya entek uyah!”
Banjur
gapyuk ngrangkul si wuragil sarta banjur nangis ngglogo.
“Kowe, kok,
suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu Brata karo mapan lungguh. “nganti
kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra kepenak?”
“Oallah,
Taaaa, mrene bola-bali, kok, mung ijen wae. Ra gelem ngajak bojomu. Biyen aku
rak wis nate kandha, kepengin weruh wujude bojomu. Mosok, duwe anak mantu
nganti anak-anak papat, kok, rung tau weruh wujude. Mbok kapan-kapan ngono,
dijak mrene karo anak-anakmu sing gedhe, aku ya kepengin weruh, kaya ngapa
rupane putu-putuku.”
b)
Latar Belakang
Poerwadhie Atmodihardjo, salah sijine pengarang Jawa
sing saiki wus padha ora ditepungi dening generasi mudha Jawa. Dheweke kalebu
pengarang sing gelem nampa anane anyedha/kritik, mula ora mokal yen
karang-karangane sing jjumlahe atus-atusan kuwi nduweni bobot. Pengarang asli
Ngawi kuwi gawe crita sing “awu-awu”, ora ireng-putih. Amarga dheweke mbabarake
crita-critane luwih nengenake gaya realis. Iku sing marakake karya-karyane
padha oleh apresiasi sing mirunggan marang sing padha maos. Crita sambung kang
judhul “IBU” iki dudu crita ana ing kutha gedhe, nanging ana ing astane Poerwadhie
Atmodihardjo dhaerah iku bisa dugarap dadi underane crita sing becik lan
mranani. Crita iki pathi-sarine ngrembug prakara uripe menungsa desa, utamane
saka kalangane “priyayi cilik”
“Kanggone
babrayan ing Paron, Prawita mono dudu wong anyar. Prasasat saben wong tepung
lan ngerti yen Prawita iku mantune Marta Ranti. Wong-wong tuwa utawa wong Paron
jekek padha ngerti apa lan sapa satemene Prawita iku lan karana iku, sanajan
Prawita iku uripe sarwa kacingkrangan, parandene meksa ora digarap murah dening
sapa wae kang rumangsa uripe luwih anja. Saben wong ngregani, kanggo nimbangi tangkeb
lan sikepe Prawita dhewe sing lembah-manah anoraga, nom-tuwa ora ana sing ora
dibasani. Wong-wong racak nyebute marang Prawita padha Pak. Malah sing isih
puguh gondhelan tata cara kolot ngndange mesthi Den, Den Prawita.sanajan tan
wis dicegah, ewasamono meksa isih nekad.”
c)
Waktu
Ing Paron nalika melek tangi turu mung kahanan sing
ngyakinake nek wektu iku wayah esuk.
“Melek byar
terus gregah tangi, giras. Rasane kaya ana sing nggugah wae. Banjur lungguh
lenggog-lenggog jigrag ana ing amben. Karo nyawang sisihane sing isih turu
nglepus dirubung dening anak-nanake sing papat cacahe. Tanpa klamben lan tanpa
kemulan, anteng diklampoki dening anake sing cilik dhewe, Lukita.”
“na apa,
ta, Pak? Wong isih peteng ngene , lho!”
d)
Suasana
Ing crita iki ana ibu kang kangen marang putrane.
“Oallah
Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta, ngger. Lehku ngarep-arep rasane
nganti kaya entek uyah!”
“Kowe, kok,
suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu Brata karo mapan lungguh. “nganti
kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra kepenak?”
e)
Alur
Crita ing crios IBU menika nggadhahi alur maju.
“Aku arep
nyang Ngawi, kok, Bu!” ujare Prawita nggenahake.
“Kok,
enjing mpun dugi ngriki, daleme pundi,
Mas?” pitakone bakule kanggo obah-obah lambe.
“Mangga-mangga
Ndara, pinarak. Sami sugeng rawuhipun? Kok dangu sanget mboten rawuh sowan tuwi
ndara Sepuh.”
f)
Gaya Bahasa
Ing cariyos novel Ibu iki taksih ngginakaken bahasa
kang isih umum diangge dening masyarakat-masyarakat lan ora ana bahasa kang
angel dingerteni.bahasa biasa diangge ing bahasa sadinten-dinten. Nangiing ana
siji loro tembung kang ngginakake bahasa kang nyimpen arti, kayata :
“Kaya
mendhung sakepel ditrajang ing angin gedhe”
g)
Amanat
Ingkang saged dipundhut saka criyos ing novel Ibu iki,
tiyang nggih kudu bissa nrima kahanan urip, kaya Prawita senajan anak wedana,
nanging bisa urip karo tukang menjaite ing Paron. Nanging nggih kudu tetep
niliki Ibune sapaya Ibune bisa luwih ayem ngerteni kabar anak-anake.
h)
Tokoh/Penokohan
-
Prawita :
nggadhahi watek bodho, sabar, kukuh marang kekarepane.
“Prawita nganti rong taun lagi bisa munggah kelas loro
lajeng ngendheg ngendhog maneh nganti dipindah menyang H.I.S Nanging boten
wonten kemajuan, kancane wis ana klas pitu, Prawita isih ing pangkat lima
mawon”
“Prawita kang wis dijodhohake dening bapake nanging
wis seneng Minarni mangka Prawita tetep milih urip bareng Minarni ing Paron
dadi tukang penjait”
-
Minarni :
nggadhahi watek eman marang anak bojo,
“Anu, Pak, aku isih duwe dhuwit seket, njenengan asta
sing selawe ben nggo jaga cah-cah ngko
nek dha tangi”
-
Mbok Jiami :
setia marang bendarane, ngajeni marang bendarane.
“Mbok Jiami
anggone ngenger is daweg. Wiwit dhek jaman rambute isih ireng meles lan
kulite isih alus kaya bludru nganti tekan wayah nyidam kubur ngimpi trebela.
Wiwit dhek jamane den Bagus pramana sing nakale ngudubilah setan isih diemban
klewar-klewer ngaanti tekan ndara Ita wis duwe anak papat”
-
Raden Ajeng Bratapranata : ngarep-arep putrane
sing wis jarang sowan nyang Ngawi, eman marang anak mantune lan putu-putune.
“Oallah Witaaa, kowe, kok, dadi njur tega karo aku ta,
ngger. Lehku ngarep-arep rasane nganti kaya entek uyah!”
“Kowe, kok, suwe ra mrene, ta, Ta?” pitakone Raden Ayu
Brata karo mapan lungguh. “nganti kangenku ra jamak-jamak. Apa lagi ra
kepenakan?”
-
Raden kakung
Bratapranata : Lewih menting pangkat, mentingke pangkat.
“Aku babarpisan ora ngira yen entek-entekane koe kuwi
arep gawe kucem asmane Bapak karo Ibu lan uga gawe kucem asmane masmu Pramana
lan Prasaja. Kowe tak magang-magangake ana ing kabupaten kuwi merga aku duwe
pangarep-arep, nek kowe mbesuk bakal bisa
diangkat dadi priyayi dening nagara, ngelingi yen Bapak iki anggone
labuh marang nagara yaw is ora sithik. Wiwit saka pangkat mantri kabupaten ana
ing Ngawi kene nganti bali maneh ana ing Ngawi jumeneng wedana. Malah nek ora
ana alangan, sadhela maneh bakal jumeneng patih utawa kangjeng. Merga eyangmu
kuwi ya patih, patih Nganjuk lan eyang buyutmu kuwi Bupati. Lha, kowe, lha kok,
clekenik arep dadi mantune Marta Ranti sing tukang mesin pasaran. Apa kowe kuwi
wis minger keblatmu, ora idhep ing asal lan usul. Marta Ranti kuwi wong apa?
Wong kampung sing ora mbejaji.”
-
Pramana : keras
marang adine.
“Arep tak usir lan takdunung-dunungake salahe. Apa
tekan saiki wis nglenggana nek salah? Wis ngrumangsani nek olehe nekad rabi
entuk cah Paron kuwi padha wae karo nglorodake kaprawirane suwargi bapak. Arep
takjelir-jelirake tekan kono.”
“Ya, wis, ra susah ngambah kene. Ra susah ngelingi
Ibu, wong ibu piyambak ki kalenggahane, martabate ya ditohake kanggo nguber
senenge dhewe.”
-
Rustiningsih :
gawe kahanan panas
“Aku ki rak kerep krungu nek dhik Wita ki kala-kala
sowan ibu ta, Mas.”
“Aku dhewe ki ya kerep nampa lapporan nek Wita ki
kerep mrana, apese sesasi pisan.”
-
Marta Ranti : eman
marang putu-putune, ngerti kahanane anake.
“MbokMarta Ranti
banjur nyendhal udhete, mbukak bundhelane lan putu-putune banjur
didundumi dhuwit nyeringgit. Ujare, “Kana, gek ndhang dha tuku sarapan kana.
Apa gethuk, apa thiwul, apa grontol.” Sing nampa dunduman rejeki banjur padha
pating kethithir mlayu. Bungah. “
i)
Sudut Pandang
Ngginakaken sudut pandang tokoh utama pelaku utama.
“Aku iki
mung bocah ndesa anake tukang mesin, wong sing ora drajat ora pangkat, ora asal
lan usul, wong sembarangan, gampangane.
j)
Kelewihan Buku
Buku iki ngginakake bahasa kang gampang dingerteni dening
para pembacane. Novel iki ugi ngajarke kita pembaca supados saged nrima kahanan
urip ingkang asline wedana nanging nglakokake urip dados tukang menjait.
Perwatakan tokoh uga gampang dingerteni .
k)
Kelemahan Buku
Ceritane taksih sok maju mundur, kadang critane wis
maju, nanging ning mburi bakal metu konflik jaman biyene.
l)
Saran
Penulisan buku ing novel “Ibu” supados bahasa lan gaya
bahasa saged dipunjlentrehaken malih supados saged gampang dingerteni.
m)
Manfaat
Saged kangge nyemangati tiyang ingkang urip sengsara,
boten minder meskipun boten urip kepenak,tetep eling marang ibu ingkang sampun
dangu boten disowani.