Minggu, 23 November 2014

Tawar-tawaran rega



Sawijining dina….
Nalika wayah esuk, wayahe ibu-ibu rumah tangga kanggo nyiapake sarapan kaluwargane, Ibu Santi yaiku ibu rumah tangga kang wis nduweni putra 2, yaiku Rini siswi kelas 2 SMA lan Rudi kang taksih kelas 6 SD.
Esuk-esuk lagi nyiapake sarapan kanggo anak bojo, bu Santi kepikiran kepengin gorengan iwak kanggo lauk sarapan, nanging dina iku dudu dinane pasaran, ning bejane bu Santi ana mbok Surti kang biasa adol iwak keliling desa. Kaya adat saben, tukang adol iak iku nekani saben-saben umah ing desa iku kanggo nawakake iwake supaya payu, nalika giliran ana ing umahe bu Santi,
Tukang iwake mbengok, “Yu… iwak yu…, ibune arep tuku iwak apa ora, Rin?”
“Boten mangertos Mbok, mangke nggih kula nyuwun pirsa kaliyan Ibu rumiyin nggih Mbok.”
Anake sing gedhe lagi nyapu bale, ngerteni bakul iwak iku teka langsung sanjang menawi ana bakul iwak ing ngarepan.
“Ibu menika wonten mbok Surti, badhe tumbas ulam menapa boten Bu?”
“Iya, ngko dhisik kon ngenteni sedhela Ndhuk!”
“Oh, inggih Bu” Rini mbalek nyang ngarepan.
“Mangke sakedhap mbok, Ibu saweg ngentas sekul”
“Iya Rin…” Rini nglanjutake nyapune.
            Ora let suwe ibune Rini metu saka dapur, marani mbok Surti arep tuku iwak, “ Ana iwak apa wae mbok Surti?”
“Iki ana iwak bandeng, tongkol, karo urang Yu” mbok Surti njawab takonane bu Santi karo ngedunake iwak saka pit ontele.
“Lah iki iwak bandenge piranan sekilone Mbok?” bu Santi karo milih-milih iwak.
“Bandenge regane 17.000 Yu sekilo”
“Lah, larang banget Mbok, wingi ya mung 14.000 koh?” bu Santi ngenyang.
“Ya ora ta Yu, tukune wae durung ulih 15.000 saka kanane kok. Iki kan bandenge gedhe-gedhe Yu.” mbok Surti njelasake kahanane sing sabenere.
“Larang ta Mbok, wong aku tuku wingi neng pasar ya mung 14.000 kok.” bu Santi taksih ngenyang.
“Ya ora mungkin ta, bakul ndi sing adol iwak 14.000. ya nek iya ana aku ya bakal melu 14.000, ning ya saiki mestine ora ana.” mbok Surti sabar ngadepi Bu Santi kang taksih ngenyang-ngenyang.
            Bu Santi ngeyel terus menawa regane iwak iku ya pancen sakmana, nanging bu Santi ora gelem wae 17.000 rega iwake, nganti suwe banget anggone tawar-tawaran iwak. Nganti Rini anake bu Santi gumun marang ibune dhewe anggone ngenyang iwak ngotot banget, padahal regane iwak ya pancen sakmana nanging bu Santi naware sakngisore harga pokok. Rini mung bisa ndeleng Ibune lan mbok Sarti tawar-tawaran regane iwak bandeng.
“Ya wis yu, 14.000 tak kei kanggo sampeyan” unine mbok Surti rada mbesengut amarga saking suwene tawar-tawaran, ning dari padha ora ana sing tuku, sidane diwehna wae.
“Iya ngko sik tak njupuk dhuwit ndhisik Mbok” bu Santi mlebu umah njupuk dhuwit.
Sawise bu Santi karo mbok Surti wis padha trima iwak lan dhuwit, mbok Surti nerusake dagangane lan bu Santi masak iwak kang wis dituku.
            Nalika ibu masak iwak mau, Rini marani karo matur “Bu, ngapunten kala wau ibu nalika nawar tumbas ulam kok saya ngotot sanget nggih bu?” Rini takon.
“Iya ndhuk, supaya murah olehe bayar iwake” jawabe ibu.
“Inggih bu nanging kadose ibu wau sampun kebangetan anggone nawar ulamipun, mbok Surti kan ugi mbetahaken untung saking dodolan ulam wau, nanging menawi ibu nawar ngantos kirang saking harga pokok nggih Mbok Surti boten sios angsal untungipun Bu” Rini ngandhani ibune.
“lah piye maneh ndhuk, ibu kaya ngene iki ya supaya bisa entuk rega murah.” Ibu njelasake marang Rini.
“Ibu kula nyuwun sewu nggih, menawi kula sampun wantun ngandhani ibu, nanging nggih mangkana bu, Mbok Surti samenika saweg ngempalaken penghasilan, nanging menawi ingkang tumbas malah nawar ngantos sangandhape regi pokokipun, saking pundi penghasilan mbok Surti kempal Bu.” Rini ngandhani ibu.
“Iya Rin, koe bener, ya ibu ora maning-maning nawar nganti kaya ngono mau” Ibu nyadari apa kang wis dilakokake
“Ingging Bu, Alhamdulillah ibu saged mangertosi tiyang ingkang saweg berjuang kangge urip ing dunya iki.” Rini seneng amargi ibune bisa ngerteni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar