Adat Pernikahan Wonten Ing Desa
Cisumur, Gandrungmangu, Cilacap.
Kawiwitan saking tiyang jaleripun kados adat saben yaiku
nekani dhateng kaluwarga tiyang estrinipun kanggo silaturahmi kanggo mbangun
kekeluwargaan saking kekalihipun.
Supados saged nglampahi
pernikahan, tiyang jaleripun kedah nenggo panen raya. Panen raya menika wekdal
kanggo saged angsal tambahan biaya kanggo pernikahan kekalihipun, amargi
masyarakat wonten mriku wau namung ngandalaken hasil saking panen raya menika.
Saderengipun pernikahan
menika dipunlampahi, tiyang jaleripun kedah dhateng wonten ing griyanipun
tiyang estrinipun kanggo perlu mbeta lan maringi sejumlah biaya kanggo nambahi
biaya perkawinan kekalihipun, menika kanggo pendanaan perkawinan ingkang badhe
dipunwontenaken ing griyanipun tiyang estri. Maringi pendanaan manika kedah
wonten ingkang dados saksi, supados wonten ingkang mangertosi menapa ingkang
sampun dipunparingi kejba kaluwarga piyambak.
Wonten masyarakat desa menika, kangge nemtukaken
tanggal-tanggal lan dinten-dinten pernikahan menika kedah wonten tiyang ingkang
sesepuh ingkang sampun mangertos pembagian dinten kangge perkawinan, misal
tiyang jaler lair dinten rebo lan tiyang estrinipun dinten senen, mangka dinten
kangge perkawinan yaiku dinten minggu. Perhitungan kados mekaten wonten ing
masyarakat pancen kedah difikir nganti mateng lan diitung, lan kedah mbetahaken
tiyang-tiyang sepuh ingkang sampun mangertos ngenani peritungan jawa manika.
Peritungan menika
inggih supados saged nentukake kapan pernikahan kekalihipun dipunwontenaken,
dinten ingkang trep kangge nglangsungake pernikahanipun, lan menawi dinten
ingkang sampun dipuntentukake menika ngepasaken kalih dinten ingkang boten
leres mangka dinten pernikahan saged dipunpindah utawa dipun majukaken lan
utawa diundur kapan leresipun pernikahan menika dipunlampahi dening
kekalihipun.
Saderengipun dipunlampahi pernikahan menika, dinten
sadurunge para masyarakat badhe ndamel dhaharan inggih menika pancen sampun
biasa wonten nalika pernikahan dipunlampahi yaiku jenang ingkang biasa
dipundamel sakin beras ketan, gula jawa, trigu, klapa lan liyane ndamele jenang
menika dipunlampahi dening para masyarakatmasyarakat wonten mriku sareng-sareng
amargi kangg ndamel jenang menika mbetahaken tenaga ingkang kathah.
Saderengipun pernikahan, wonten dalune biasane wonten
kebiasaan mbabar sadran utawi wonten kampung biasa dipunsebat kepungan. Wonten
ing kepungan menika wonten ingkang kedah dipunlengkapi kayata, wonten ing
kepungan menika wonten ingkung yaiku ptik jago ingkang taksih glontongan, boten
dipuniris-iris, lan ugi wonten lauk sanesipun ingkang sampun dados adat saben
wonten ing kepungan menika.
Wonten kepungan menika, wonten hal ingkang dipunwaosaken
dening pemimpin ingkang mandu kepungan menika, yaiku:
“Tumpeng suci ulamsari
sak abonipun, caos bhekti dhateng kanjeng nabi Muhammad rassul, segarwa seputra
sahabat sekawan abu bakar, umar, usman, ali.”
Wonten waosan menika
nggadahi maksud menawi masakan-masakan menika ingkang wonten ing kepungan iku,
tumpeng sekaligus ingkungipun sarta lauk liyane, lan ugi bentuk syukur dhumateng
nabi Muhammad lan shahabat-shahabate.
Waosan menika
nggambarake supados masyarakat wonten mriku saged ngimani lan ugi mebet agama
kang dipunridhoi allah, sedaya menika dipunwontenaken kanthi tujuan supados
para warga saged bersatu setunggal warga lan warga liya-liyane.
Mangka kebiasaan warga
menika taksih asring diangge menawi wonten acara mantenan ing mriku.
Sasampunipun donga lajeng para warga ingkang rawuh ing kepungan iku padha sami
dhahar ingkang wonten mriku, lan ugi saged dipunbeta wonten griya
piyambak-piyambak.
Sasampunipun kepungan
pungkasan, lajeng kaluwarga penganten nganakake melek bengi kalih para kerabat
lan kanca-kanca sanesipun, melek wengi menika dianakake supados saged nyatukake
kaluwarga, kerabat para mantene sakdurunge pernikahan dipunlaksanakake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar