Sabtu, 29 November 2014

BUNGLON



Dening : Dyah Wuryandari
Ban mburu wis rampung olehe nambal. Aiki agi dipasang nang mobil maneh. Andi ndhodhok nang cedhak tukang tambal sing lagi ngencengi baud. Mbokmenawa tukange butuh bantuwanne. Ana sepedhah motor minggir, nyedhak banjur mandheg. Sing numpak mudhun, nyopot helme, mara karo nyapa.
“Mas Andi….”
“Eee, dhik Sofyan.”
“Kebeneran liwat, aku weruh Mas Andi.”
Karone banjur padha salaman, kabar kinabaran keslametan.
“Anu, mas And iwis ngerti durung, bu Dar wis duwe putu?”
“Durung, ki. Lho, dadi dhik Murni wis babarab, ta?”
“Uwis, wedok. Malah wis puputan. Dina iki dijenengi. Mas Andi arep mrana ora?”
“Iya, dhik. Wis suwe banget aku wis ora tau mrana, je. Ora kober-kober. Matur nuwun banget lho, dikabari. Mengko takperlokne mrana karo mbok Ratu karo bontote.”
“Ya wis, Mas,” Sofyan pamit, terus nggeblas.
Sofyan kuwi tanggane bu Sudarmin. Dadi ya tilas tanggane Andi. Biyen ngarepake omah-oomah karo Ninik, Andi ngontrak daleme bu Dar sijine sing ora dienggoni. Manggon nang kana nganti duwe anak siji, lanang. Nanang parabane. Pindhah bareng wis duwe omah dhewe.
Sorenen Andi sakaluwarga sida merlokake sowan bu Dar. Andi mathuk karo panemune sing wadon. Najan wis ngerti yen bayine wadon, mranane aja nggawa kado dhisik. Pawadan wis suwe ora sowan, karo nitik apa sing isih dibutuhake. Dening ibu lan bayi anyar kuwi. Tiwas kesusu tetuku, jebul jinise wis akeh sing ngirim. Rak kurang migunani. Nang kulon kantor kabupaten, mampir tuku gawan sowan bu Dar dhisik.
            Mbak Suci sing lagi lungguh nang teras karo ngeset dus wadhah dhaharan, wiwit mau namatake mobil abang sing minggir terus mandheg kuwi. Bareng weruh sing padha mudhun saka mobil mau, dheweke menyat. Anguk-anguk njero omah karo kandha rada sero, “Bu Dar ana tamu agung!” terus gupuh mapag tamune. Sing nang njero lagi padha ibut nyawisake slametan mengko, banjur pating brubul metu. Melu mbagekake tamune bareng karo sing kagungan dalem.
            “Nyuwun pangapunten, bu. Boten mireng babaranipun dhik Murni,” kandhane Ninik karo masrahake gawane bareng sing lanang. “Kaleres wau mas Andi pinanggih dhik Sofyan ing kang nyukani sumerep.”
            “Ya ora apa-apa,” wangsulane bu Dar, “Sing penting rak adha slamete. Ditiliki wae wis bungah banget. Lha ngene iki rak malah banjur dadi gae senenge.”
            “Gawe seneng,” bu Tas nrambul, dadi ger-gerane sing padha nang kono.”Niki rak mas….” Teruse bu Tas karo ngemek gegere Nanang.
            “Nanang, Budhe.” Sing semaur And, ngelingake jenenge anake.
            Neng kamare Murni, Ninik lam Murni gupyuk padha rangkulan. Ning mung sedhela. Bayine nangis, ngompol. Karo nyawang bayi sing lagi arep disalini popoke, NInik kandha marang sing lanang.
            “Kaya bapakke, ya pak?”
            Sing ditakoni durung mangsuli, wis didhisiki bu Dar,”Cah wedok ya kaya bapake. Nek lanang adate malah kaya ibune.” Wong telu padha ngiling-iling raine anake Murni.
            “Ah, boten bu,” Andi ethok-ethok ora sarujuk. “Genah persis ibune ngaten, kok,” kandhane karo tudhing-tudhing bayine sing isih wuda.
            “Ah, parno. Mas Andi parno,” NInik lan murni nyuwara meh bareng, ‘njarwakake’ tembung ‘porno’. Wong telu padha ngguyu. Mung si Nanang sing thingak-thinguk durung nyandhak.
            “Wadhuh gayenge olehe padha ngendakan,” bu Tas mlebu kamar kono nggawa baki ana gelase telu isih unjukan sirup jeruk. Jejere piring loro ana jajane werna-werna. Piring dijupuk siji, dicedhakake Nanang karo nawawi supaya njupuk. Bocahe milih lemper karo kandha: “Matur nuwun.” Pipine dijiwel lirih dening bu Tas.
            “Bocah kok baguse kaya bapake. Sampun kelas pinten?”
            “Kelas setunggal.”
            “Walah-walah, pintere. Dhahar ngga teng wingking!”
            Bocahe gedheg. Bu Tas banjur nawakake suguhane marang iyane.
            “Mangga lho mas Andi,mbak Ninik, unjukane kalih dhaharane di kedhapi, ta. Sampun dikedhapi tok. Nuwun sewu, kula tilar dhateng wngking riyin, nggih!”
            Nang mburi bu Tas ditanggap bu Anjar lan bu Budi, warga sing nembe papat lan pitung wulan manggon nang kono.
            “Sing wadon, mbak Ninik asal Kutoarjo,” bu Tas miwiti. “Prawane biyen, kos nang nggone mbak Sri kae. Nyambut gawe nang supermarket RITA. Lha sing lanang, arek Surabaya. Bukak stand alat-alat music nang supermarket MORO. Nalika isih sewekan biyen, kos nang rumah kos kulon kuwi. Mangkat mulih nyambut gawe mesthine kerep padha ketemu. Njur pacaran. Dhasar padha temua tur gemi, sadurunge nikah wae wis ngontrak omahe ibu Dar sing wetan kuwi. Si Nanang kae laire ya nang kono. Suwe-suwe Andi banjur bisa tuku umahe dhewe nang Kalibogor. Pancen padha pinter milihe. Oleh omah gedhe, apik tur bangunan isih anyar.”
            Krungu crita bu Tas kuwi, mbak Susi kandheg sedhela olehe ngitungi takir plasik nang pojokan. Mencep. Senajan wis apal karo lageyane bu Tas, ning dheweke tetep ngungun, Bu Tas kok bisa-bisane kaya ora kelingan nalika biyen dheweke seneng nyrita alane Ninik. Sing kemayu, sing lanangan, cewek matre. Malah tau ngabarake Ninik wis ‘isi’ dhisik sadurunge nikah. Sing dicrita nganti sering nangis kalara-lara, wadul mbak Susi. Semono uga Andi. Ora luput kanggo caturan. Endi sing jero we-dokan, bergajulan lan isih akeh liyane maneh. Enek amek kurang golek. Kabare, olehe padha dicrita ngono kuwi jalaran wong loro mau wiwit biyen nalika isih padha dewekan, ora gelem kos nang nggone bu Tas. Ning kejaba ngono, bu Tas pancen kon-dhang dadi ‘biang gosip’. Lha kok siki critane malih grembyang!
            Lamune mbak Susi mbuyar ketungka tekane Andi mrono, pamitan are lunga sedhela.
            Bareng Andi mungkur, sing maune gosipe wiwit nggladrah nyrempet-nyrempet putune kaji maksum kulon kali, bu Tas bali nyritakake Andi maneh. Endi sing omah saisine luks. Endi sing mobile wis ganti pindho. Endi sing….sing….mbak Susi gedheg-gedheg. Menyat nglungani. Ngangkati piring gelas reged, digawa nyang sumur.
            Ana swara kresak-kresek nang kidul tembk sumur. Mbak Susi namatake mendhuwur. Ana sing lagi nyogroki jambu kluthuk gemadhing. Mung siji ndhil ning ora patia dhuwur. Lho ana sing mak clorot saka wit jambu mencolot nyang wit pelem wetane. Ijo-ijo nglawer. Ula?.... Dudu. Bunglon!
            Karo isah-isah, mbak Susi kelingan maneh kedadeyan sing nembe mau. Tingkahe bu Tas kuwi! Banjur kedadeyan-kedadeyan sadurunge…. Sing biyen-biyen…. Kok bisa ngono, ya?
            Rampung isah-isah, dheweke kemutan maneh bunglon sing mau. Kok wis ora ana? Gek tiba njur dicekel bocah, kanggo dolanan. Kesiksa! E, ora jare. Isih ngethapel nang wit pelem, ning papane rada munggah. Dhisike ora tumuli katon, jalaran nang nggon sing mau wis ora katon ana ijo-ijo nemplek. Ning bareng ditamatake temenan, jebul kewane isih ana. Mung si Bunglon wis ora ijo. Wis dadi semu ireng, kaya warna wit peleme.
            Bunglon! Mau ijo, saiki dadi semu ireng. Lho…. Kaya ngoni?... Kaya… Ah!
            Anan wong lanang tuwa manganggo sarwa prasaja. Mandheg mangu nang ngarep regol wesi. Rada suwe ngiling-ilingi nomer umahe bu Dar, banjur mlebu pekarangan terus mejet bel.
            “Bu dar kesupen?” pitakone wong nau isih njegreg nang ngarep lawang.
            Sing ditakoni alise njengkerut, nyoba ngeling-eling. Cepet-cepet rada kelingan. Ning sapa, ya?
            “Kula Suryadi, kancanipun suwargi pak Darmin!”
            “Saiki bu Dar banjur wiwit kelingan.”Ingkang dalemipun Kedhungrandhu, inggih?”
            “Inggih, rumiyin. Ning sampun taunan kula manggen wonten Yogyakarta. Wonten yan kalih dasa taun.”
            Karone banjur mlebun nyang ruang tamu. Lungguhan, nyambung olehe padha omong-omongan nang ngarep mau.
            Pak Suryadi memitran karo pak Darmin wiwit isih padha jakane. Banjur pirang-pirang taun bebarengan nyambut gawe nang kantor Sosial. Pak Suryadi medhot tengah dalan, bukak usaha dhewe. Dene pak Darmin nerusake nyambut gawene. Kecandhak stroke nganti teung taunan, sadurunge tinggal donya.
            Sauntara anggone padha omong-omongan, keprungu bayine muni nangis. Bu Dar blaka yen nembe duwe putu.
            “Lare nembe gadhah anak, dados taksih dereng prigel,” kandhane karo pamitanarep niliki bayine dhisik.
            “Dados putranipun nak Murni, ta?” pak Suryadi nanjihake,banjur njaluk palilah arep melu niliki. Bu Dar nyumanggakake.
            Tamune diinggal kekandhan karo murni, bu Dar menyang mburi. Nggawa bedhong bayi, popok lan slimut sing kompolan. Ngabani adhine supaya gawe unjukan kanggo tamune. Bu Tas nyedhaki, takon sapa tamune kuwi.
            “kancane almarhum bapake gendhuk.”
            “Ngati-ati lho, bu. Saiki akeh wong sing ngaku-aku!”
            “Ssst. Ora jare-jare, ning kae pancen kancane almarhum tenan.”
            “Lha iya ngono kuwi, ya kudu tetep ngati-ati lan waspada. Akeh sing nyolong pethek! Ketoke alus, mburine……wooo… Tenan, wis akeh sing ketatalan.”
            Sing nggawa unjukan myamh ruang tamu bu Tas. Ngliwati kamare Murni, lakune dirindhikake. Mlirik njero kamar. Wong telu lagi gupyuk omong-omongan. Bubar nyeleh unjukan, bali nyang mburi nglirik maneh. Wong telu isih umyeg crita. Bu Tas krasa sebel.
            “Saiki iki jaman ora karuwan,” bu Tas mbukaki critane nang mburi. “Ora kena gampang percaya marang sapa wae. Luwih-luwih yen ketoke wis nyujanani.”
            Kandhane, ana pil sing jare kanggo tamba sawenehe lelara. Regane sijine ewon-ewon. Bareng dipriksa jebul mungglepung dicithaki. Nang bis ana wong diwenehi tah kothak dening wong sing lungguh jejere.
            Sing ngombe banjur turu kepati. Wis tekan tujuwane, digugahi ora tangi-tangi.gawane entek gusis ora ana sing keri, digawa sing lungguh jejere mau. Jebul the kothake wis dicampuri obat tidur dosis dhuwur.
            “Nang TV kae rak ana acara Patrol, Buser Jejak Kasus lan sewanehe sing nggiyarake kedadean-kedadean sing kaya ngono kuwi. Dudu sinetron sing mung crita gaweyan, ning kedadean temenan.”
            Kojahe bu Tas kandheg, bring pak Suryadi menyang pakiwan liwat kono. Bu tas nglirik sing lagi liwat. Semana uga liyane sing padha nang kono. Nembe padha weruh cetha tamune bu Dar iki. Pawakane cilik kepara rada kuru, pakulitane soklat. Hem lengen cendhak putih lerek-lerek ireng, clanane ireng. Disawang-sawang tamu iki memper pak Raji, bakul bubur kacang ijo protelon ngarep kana.
            Mbak Susi wis apal carane bu Tas ngukur wong liya. Bisa ngira-ira menyang endi arahe crita, luwih-luwih panglirike bu Tas mau. Gedheg-gedheg, unjal ambegan landhung.
            Keprungu swarane bocah cilik uluk salam saka ngarep. Bu Tas isih kelingan, age-age marani. Temenan.
            “Pintere mas Nanang. Saking tindak pundi mawon? Lho mbak Ninik, ngasta apa maneh?” sing nembe teka mung padha mesem. Terus nuju kamare Murni, masrahake kadho. “Kurang akeh, Nik.” Bu Dar guyon. “Mau jare arep menyang kantor pos. apa kono kuwi saiki ya dodol sing kaya ngene iki barang, ta?”.
Bu Dar kelingan pamite Andi arep metu sedhela mau. Sing ditakoni padha klecam-klecem.
            Nang mburi, critane bu Tas ganti ngenani keluargane Andi maneh. Umyeg maneh sedhela Ning kandheg liwate pak Suryadi, rampung saka pakiwan.
Saka njero kamar sing ketutup korden keprungu ana swarane wong liya. Mula pak Suryadi kandha saka njaba, “Bu Darmin, nuwun sewu kula badhe nyuwun pamit.”
            Bu Dar gugup miyak gorden, metu “Kok kesesa ta, Pak?” aloke. Mburine bu Dar, Murni ngemban anake, Ninik nggandheng Nananng. Mburi dhewe Andi.
            “Lho, bapak?” Andi kaget bareng weruh tamune bu Dar mau.
            “Kok sliramu, An?” Pak Suryadi uga katon gumune.
            Wong loro banjur salaman. Uga Ninik lan anake. Andi katon kurmat banget marang pk Suryadi, bu Tas njomblak. Liyane gumun. Kok?
            Bu Dar njaluk ngapura marang Andi, lali ngandhakake tamune kuwi. Banjur nyritakake sesambungan antarane pak Suryadi lan pak Darmin. Bubar kuwi ganti Andi mretelakake marang sing padha nang kono, menawa pak Suryadi kuwi bos-e Andi. Importir piranti musi gaweyan Eropa lan Jepang. Dene nhweke dhewe kapatah nyekel cabang nang kutha kene. Sing krungu saiki nembe dhong. Marang pak Suryadi, Andi mbalakake niyate arep sowan sesuk. Ana bab wigati sing arep diaturake.
            “Yen kira-kira bisa dirembug lan dirampungake nang kene, ya ora apa-apa ta, An! Dadi sliramu ora susah keraya-raya menyang yogya,” wangsulane pak Suryadi. “Ning mbuh yen sliramu arep sisan gawe plesir.”
            Wong loro banjur nuju ruang tamu, arep nerusake rembug. Pak Suryadi lenggah ngenteni Andi sing lagi njupuk layang-layang nang mobile. Kertas-kertas sing dicaosake dening Andi ditampani. Ditliti mbaka siji karo kala-kala diselani meterang marang Andi. Wusanane, sreeet…sreeet. Kertas nem lembar diteken kabeh. Nang mburi saiki sepi. Wiwit mau swarane pating klesik. Kaya padha omong-omongan karo pasangane crita dhewe-dhewe. Ning sejatine ya padha nguping. Menawa wae ana rembuge wong loro kuwi sing keprungu. Bareng katon lan keprungu rembug wis rampung, bu dar lan Ninik banjur melu lungguhan bareng tamu-tamune. Critane banjur dadi gayeng. Emane durung suwe anggone padha lungguan karo crita ngono, ketungka tekane nom-noman lanang. Supire pak Suryadi sing diutus putrine methuk, bu Suryadi olehe ngendikan karo ibu Bupati durung rampung. Malah pak Suryadi lagi dienteni dhahar sore bareng nang ndhuwur, nang Baturaden.
            “Nyuwun pangapunten, bu Dar. Kua saestu nyuwun pamit. Biyungipun lare ados-kados nembe saged sowan mbenjang-enjang,” pamite pak Suryadi marang sing kagungan dalem. Banjur menyat, arep pamitan uga marang liya-liyane. Jebul kabeh wis ngumpul nang ruang tengah. Mula kabeh melu nguntabake tekan ngarep lawang gedhe. Kabeh sajak padha semu gumun, nyumurupi pak Suryadi mlebu sedan klawu metalik gilap kinyis-kinyis sing banjur gleser-gleser mlaku sasat ora nyuwara. Bu Tas mlenggong.
            Ora gantalan suwe Andi nututi pamitan. Ora bisa dipenggak supaya ngenteni slametane. Ninik kandha amarga, kanggonan arisan dasawisma.
            Slametan nengeri bayine Murni wis rampung. Ibu-ibu sing isih padha rewang lagi ringkes-ringkes, nalika bel tamu muni.
            Nang ngarep, bu Dar nampani kertas saka pawongan sing ngebel mau. Diwaca. Kaget. Saka pick up sing mandheg nang dalan ngarep omah, ana wong loro padha gotongan ngudhunake dhus gedhe. Murni nyedhaki ibune, karo ngemban anake. Mburine ibu-ibu sing kepengin padha ngerti.
            “Napa ta, Bu?” pitakone murni. Kertas sing diulungake ibune ditampani. Durung diwaca, malah takon marang pawongan sing ngadeg nang jejere ibune.
            “Napa ta niku, mas? Saking pundi?”
            “Boks bayi, kasur sakumplite, mbak,” wangsulane pawongan mau. “Kintunan saking took mebel MAJU. Wau sing mundhut asmane…. Mangke riyin…. Pak Suryadi. Niku boks knock down, bongkar pasang. Badhe diset sisan napa, mbak?”
            Bu Tas ndomblong. Ning banjur noleh marang ibu-ibu jejere karo kandha, “Wong nek sugih tenan, ya kaya ngono kuwi. Ketok, ta. Prasaja, ora dhemen pamer….”
            Mbuh piye sing padha krungu kandhane but as mau. Ning mbak Susi kok kaya weruh sing ngetaphel nang wit pelem mau. Ning bunglone gedhe…. Lemu…. Ora ngetaphel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar