PELANTIKAN PENGURUS OSIS
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP
Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang
Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing
suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil
kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken
urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus SMP Tunas Muda Periode 2011/1012
Nanging saderengipun kula ngaturaken
rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur
wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah
ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing
kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan,
tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
Nun inggih para lenggah ingkang
sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang
punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus
OSIS SMP Tunas Muda Periode 2011/1012, kanthi ngaturaken reroncening
adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:
1. Purwaka
2. Atur palapuran saking Wk. Kepala
Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak
Rudy Rumanta, S.Pd.
3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS
kalajengaken tanggap sabda saking
Bapak Kepala Sekolah.
4. Atur sapala saking pangarsa OSIS
enggal
5. Pandonga ing mangke badhe
dipunsalirani dening seksi kerohanian agami Islam
6. Panutup.
Para lenggah ingkang winantu ing
bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMP
Tunas Muda Periode 2011/1012. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih
para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun,
matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..
Para lenggah ingkang satuhu
kinurmatan,
Sumangga adicara punika kapurwakan
kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowing-sowang, ndedonga
kasumanggakaken…….cekap.
Adicara ingkang angka kalih nenggih
atur palapuran Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan. Dhumateng ngarsanipun Bapak
Rudy Rumanto, S.Pd. wekdal kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………..
Makaten punika atur palapuran dening
Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan, ngancik adicara angka tiga nenggih
kepyakan/ Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking
Bapak kepala Sekolah SMP Tunas Muda ingkang winantu ing pakurmatan
Panjenenganipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. Pramila dhumateng Pengurus OSIS
enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara
punika lan kasuwun kersaa Bapak Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan
Pengurus OSIS enggal punika. Nuwun.
…………………………………………………………………………………..
Para lenggah ingkang satuhu
kinurmatan,
Makaten punika adicara Pelantikan
Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah SMP Tunas
Muda. Kanthi kepyakan punika ateges dinten punika Pengurus OSIS sampun
resmi kalantik lan jejibahan punapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS
sampun kedah kasangkul saha katindakaken kanthi samesthinipun. Suamangga samya
caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal punika tansah pinaringan rahayu,
gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman punika. Amin.
Tumapak laksitaning adicara
candhakipun nenggih atur sapala saking pangarsa OSIS enggal. Dhumateng
pangarsaning Pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mas Bagus Panggah Widagdo
kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………..
Adicara salajengipun inggih punka
pandonga, ingkang badhe dipunselirani dening seksi kerohanian Agama Islam.
Pramila dhumateng Ibu Ulin Nuha, S.Pd. wekdal saha sasana wicara kula aturaken.
…………………………………………………………………………………..
Para lenggah ingkang bagya mulya,
Pinangka pungkasaning adicara,
nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji pinangka pambiwara ing Upacara
Pelantikan Pengurus OSIS Periode 2011/1012 punika ngaturakenb agunging panuwun
saha nyuwun pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih
panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS Periode 2011/1012
ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih
karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka.
Para lenggah ingkang dhahar
kinurmatan, sumangga adicara punuika kita pungkasi kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun
sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken …….cekap.
Nuwun, nuwun, Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
TEGESE TEMBUNG:
Ø Dhahat : banget (sangat)
Ø Winantu : binarengan ing (
bersama-sama di )
Ø Suka basuki : bungah, aweh;
rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng
Ø Winantu ing suka basuki :
bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan (mendapatkan kebahagiaan dan
keseamatan)
Ø Mambeng (pambeng) : ngalangi
(menghalangi); pambeng : alangan (halangan)
Ø Gempil : cuwil sethithik
Ø Nggempil kamardikan :
nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi sedikit kemerdekaan)
Ø Piniji : dipiji, dipatah,
didhapuk, dipitaya, dipercaya
Ø Reroncening/reroncen :
susunananing/susunan;
Ø Rantaman : rancangan, program,
rencana
Ø Karana : awit, sebab, jalaran
(sebab/karena)
Ø Sih : asih, katresnan; kawelasan
Ø Wilasa (S/Kw) : ngenggar-enggar,
dolanan, (bersenang-senang/bermain-main)
Ø Sih wilasa : kawelasan (dikasihi )
Ø Rumentah (rentah) : tumiba,
dhumawah, tumeka (dilimpahkan)
Ø Pinayungan (paying) : dipayungi
(mendapat perlindungan)
Ø Rubeda : pakewuh, alangan
Ø Nir /Kw : ilang, tanpa
Ø Sambekala : kacilakan, alangan
Ø Sinuba, S/Kw(suba) : endah,
kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget
Ø Murwakani (purwa) : miwiti,
memulai
Ø Lekasing sedya : wiwitaning karep
Ø Titilaksana : adicara, acara
Ø Karantam : diprogram, dirancang,
direncanakan
Ø Purwaka : pambuka (pembukaan)
Ø Kepyakan : peresmian, pelantikan
Ø Hanjenengi (njenengi) : melu
nunggoni ing parepatan lsp
Ø Paripurnaning gati : rampunge
gawe, rampunge acara
Ø Gati Kw : laku, tindak
Ø Kapitadosan : kapercayan
(kepercayaan), gegebengan, (agama)
Ø Sowang-sowang : dhewe-dhewe,
piyambak-piyambak
Ø Kasumanggakaken : dipersilakan
Ø Nenggih : yaiku, (yaitu)
Ø Winantu ing pakurmatan : tansah
dipunkurmati (yang selalu dihormati)
Ø Sasana S/Kw : papan, enggon,
palungguhan (piwulang, pituduh)
Ø Tanggap sabda : waluyan, tanggap
wacana, sesorah, pidato
Ø Sabda /S , Kw : swara, gunem,
tetembungan
Ø Jejibahan : ayahan, tugas,
pakaryan
Ø Magepokan : sesambungan (yang ada
hubungannya dengan …)
Ø Kasangkul : nindakake gaweyan,
Ø Panjurung : panyengkuyung,
pambiyantu (dukungan)
Ø Gangsar : gancar, lancer, ora ana
alangan
Ø Sesanggeman : ayahan, gaweyan sing
kudu karampungake/katindakake
Ø Laksita S/Kw : laku
Ø Atur sapala : (sepatah kata)
Ø Pambiwara : pranatacara,
panatacara, pranata adicara, MC
Ø Nyuwun pangaksami : nyuwun
pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)
Ø Mboten mranani penggalih : kurang
berkenan di hati
Ø Widada ingkang jinangka : katekan
sing dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)
Ø Sugeng makarya : selamat bekerja
Pranatacara = wong kang jejibahane
nglumantarake adicara
Rantaman = susunan acara/urut-urutaning
adicara
Sih sutresna = ditresnani/sih
katresnan
Njaluk lilah = nyuwun idin
Kita = awake dhewe
Tanggap wacana = atur
pangandikan/pidhato
Karantam = karacik/kasusun
Rancag = lancar
Ndhapuk = gawe
Kiprah = kridhane
Bombong = mogkog(bangga)
Ngadeg jajar = ngadeg jejer
Jawat asta = salaman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar