Ing wayah esuk nyawang sisihe sing isih turu, merga
taksih wayah esuk jam 4. Marni tangi anggone turu lajeng lungguhan ana ing pinggirane kaluwargane ingkang taksih pada turu
ana ing amben. Kaluwargane Marni ingkang uripe kanthi pas-pasan iki, panggonan
uga taksih petengan, namung nganggo
sentir kangge madhangi umahe Marni.
Esuk kuwi Marni tangi merga krungu ana udan deres karo gludhug gedhe, ndadekake Marni anggone turu lajeng
nglilir.
Lajeng kemutan menawi wonten ing sawah Marni duwe tanduran kang umure taksih umur nom.
Marni mbatin menawi udane ora
mandheg-mandheg sawah bakal banjir lan tanduran bakal kemelem lajeng mati. Marni
bingung menawi sawahe ingkang namung sakedhik iku banjir, mangka boten bakal
saged panen. Nalika Marni saweg nglamun mikirake
tanduran ana ing sawah, Ratno bojone ngerteni menawi Marni lagi nglamun lajeng
Ratno nakoni.
“Bu, kowe iki lagi ngapa kok Bu? Taksih peteng ngene
iki kok?”
“Eh, Bapak tangi, kok wis tangi ta pak?” Marni kaget ditakoni dening bojone.
“Lah iya iki nglilir, malah menangi ibu lungguh, ana
apa ta Bu?” Marni sajake ora ngrungokake omngane bojone.
“Ibu, kenging menapa kok ngalamun wae?” Ratno
neges-neges.
“Boten Pak, Ibu namung kelingan sawah ingkang kebanjiran
amarga udan deres Pak.”
“Owalah, Ibu iki piye ta. Ya gak usah ngono Bu.” Ratno
tetep ngomongi kancane.
“Inggih Pak.” Marni sampun luwih ketok-etok adoh saka
kabupaten.
Anggone lorone padha celathu, ora dikira wektu wis
subuh. Ora nyangka wis jam 05.00 WIB, adzan subuh moni, Marni lunga kanggo
nggugah anak-anake yaiku Toni kaliyan Rini kangge sholat jamaah kaliyan Bapake.
Sawise sholat jamaah, aku ngrasa yen mripat iki taksih
ngantuk maneh merga tangine kegasiken
nanging Marni kedah nyiapake panganan kangge Bojone.
“Rin, kana tuku beras kanggo liwet saiki” Prentahe
Marni marang anak wadone.
“Lho, berase telas ta Bu?” Pitakone Ratno.
“Iya Pak, Ibu lali menawi boten wonten persediaan
beras malih.”
“Yaw wis, kana Rin tuku beras, iki duwite mung 10.000,
tuku sekilo ya taksih cukup.” Prentahe Bapake marang Rini karo ngacungake dhuwit
10.000. nanging rini nyuwun pirsa mangke baka lawuh apa.
“Inggih Bu, Pak. Nanging mangke badhe lawuh menapa
Pak, Bu.” Rini nampani dhuwit marang Rinda.
“Wingi ibu taksih ana tahu, ya mangke digoreng dadi gorengan tahu.”
“Iya Rin, Bapak kaliyan Ibu lagi ora duwe duit akeh
Rin, padha sing priyatin ya!” Bapake ngandhani Rini bab kahanan kaluwargane.
“Inggih Pak Bu, Rini mangertos”
“Nggih sampun, Rini badhe tumbas beras rumiyin nggih.”
Rini pamit marang Bapak Ibune tuku beras.
“Nalika Rini lagi sandhalan
meh mangkat tuku beras. Kakange ngandhani Rini supaya ngepit anggone
menyang warung supaya Ibu ora suwe anggone ngenteni berase kanggo dimasak,
merga warunge tebih saking griya.
“Rin, kana ngepit
wae ben cepet, ben ora kesuen.” Kakange wis nyedhiakake pit ana ing ngarep
kanggo digawa warung.
“lha ngangge pite sinten ta mas?”
“Iku ing ngarepan, wis tak siapke.”
“oh, inggih mas maturnwun.” “Rini wonten wande
rumiyin.” Rini magkat nyang warung tuku beras.
Sawetara Rini menyang warung, Bapak Ibu lan Toni
nyambut gawe liyane ing umah. Ibu nyapu
jogan, Bapak mangkat nyang sawah kanggo niliki tanduran, lan Toni umyek aweh
pangan manuk sewarege.
Tekan warung, Rini tembung wonten beras menapa boten
marang mbok Lusi.
“Mbok Lusi, napa taksih wonten beras?”
“nggih wonten Rin.”
“Kula diutus ibu kangge tumbas beras sekilo mbok.”
“iya rene, ta doli dsit.”
Mbok Lusi nyiapke lan ngawehke jajan marang Rini, arta
10.000 diparingaken marang Mbok Lusi disusuki 1000, atusan perak kabeh.
“Iki Rin, berase.”
“Inggih Bu, maturnuwun nggih,”
Rini lajeng pamit bali, pite ditumpaki. Nalika ngepit
Rini ngalamun dheweke kepikiran piye anggone kerja golet dhuwit. Rini duwe gambaran supaya bisa ngandel ing buri
b8.
Rini duwe kepenginan dadi pagawe ing kutha. Nalika ngepit kaliyan ngalamun pengin duwe gawean kang tetep, ing protelon Rini tiba merga ban pite midak watu saengga ban ngarep
ngglengsot.
Saengga pit lan berase tiba, Rini minggir saka dalan.
“Haduh, iki piye ta, isa-isa Ibu bakal nesu marang
aku.” Rini wedi merga berase wutah.
Lajeng Rini balik, ning ngarepan kakange ngerteni Rini
balik karo pite Mandan rusak.
“Rin, kok suwe temen anggone tuku beras?” kakange nyedhaki Rini.
“Inggih mas, samenika tembe mawon dhawah kok.”
“Lah kok bisa tiba kowe iki, Apa ana sing parah
awakmu?” sajake kakange kuwatir.
“Boten kok mas, namung pite rada rusak kaliyan iki
berase pecah.” Rini wedi diomahi ibune.
“Ora apa-apa, matur wae marang ibu, mesthi ibu ya
ngerteni.”
“Inggih Mas.”
Rini nyedhak marang ibune lajeng ngaku menawi dheweke nembe wae tiba saka pit, uga njelasake menawi
Rini anggone numpak pit nggih boten banter-banteran
namung boten sengaja ngidak watu saengga ngglesot.
“Ibu, ngapunten nggih, wau Rini dhawah dados berasipun
nggih dhawah lajeng pecah” Rini anggone matur nggrandhet-nggrandhet. Nganti megap-megap anggone sanjang marang
ibune merga keweden.
“lha kok bisa tiba ki piye?” Ibune kaget khawatir
marang Rini.
“wau ban ngajeng ngidak watu, daddos ngglesot bu.”
“iya, wis ibu ora nyeneni Rini, mung wae dadi menungsa
iku aja gembelengan, kudu ngati-ati. Rini karo Toni iku migunani sanget kanggo ibu lan bapak,
dados ampun wedi karo ibu bapak.”
“Inggih Bu, maturnuwun.”
Lajeng ibune ngongkon jujulan 1000 mau kanggo tuku
gorengan merga beras kang kudu dimasak wis ora bisa dimasak.